Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 55
195–196 dari 257
1.942–1.951 dari 2.562
45.002 prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakuswa wani | dening wau sisihipun | aran Dhandhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang têngên Ki Wăngsaprana | sami prakuswa ing jurit ||
45.003 iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar akêmbul | kadya ta singa lodra | ing ayuda puniki têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makincing ||
45.004 misih sikêping ayuda | muni bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking jalmi |[1]|
45.005 pan nora kuwatir pêjah | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhange nulya ingikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||
45.006 sawênèh onclang [[289] 369: on...clang] watangnya | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuhing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame prang long-linongan | tan ana angucap ajrih ||
45.007 wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing ing yuda tan ngobêri | prasamya asoroh amuk | pan kadya singa lodra | baya silih takdire karsa Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kawanin ||
45.008 para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbe papurun | ingamuk ing wong Sampang | wong Mataram pan ewon kang mawut-mawut | pan kathah ingkang palastra | apan datan angundhili ||
45.009 surak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi ing kuda samana magut | ing iringe wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||
45.010 Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Răngga Sadayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mataram samya umagut | angandêl ing yudanira | Pangran Purbaya ngawaki ||
45.011 Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ing jurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galengsong priyăngga | pan nindhihi ing ajurit ||
195–196 dari 257

 


Kurang satu suku kata: awor suraking kang jalmi. (kembali)