Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45–46 dari 55
198 dari 257
1.971–1.980 dari 2.562
45.031 Pangran Dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasatun | miwah Pangran Balitar | lampahira samana apas alaju | sêdya mantuk mring Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||
45.032 lajêng [[293] 373] mantuk mring Mataram | kawarnaa duta sampan nututi | ingkang dados tunggulipun | Tumênggung Mangkuyuda | wong Makasar Dhaèng Mrewa tunggulipun | ingkang kinèn atut wuntat | lampahe wadya Mantawis ||
45.033 tingkahe lir singa galak | dhasar baring mangke mênang ajurit | marmane sadaya lacut | wong Madura sumahab | saparane anjêjarah nyênyaruwun | ingkang lanang pinatenan | pawèstri pan dipun ambil ||
45.034 apan ta dadi bêbasan | bajag Sampang tuhu kalamun baring | ingkang kamargan anungkul | datan wani malanga | ing Juwana sampun kèdêkan anungkul | darbèke pan jinarahan | wong Juwana sami ngili ||
45.035 ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | pan tiyang Pathi kakêlun | akathah ingkang pêjah | dènnya mapag tiyang Sampang pêrangipun | têtiyang Pathi sasaran | sami lumayu angili ||
45.036 ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | solahe wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan samya angili ||
45.037 nanging nagari ing Dêmak | maksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||
46. Durma
46.001 surakipun wong Dêmak kadya ampuhan [[294] 374: a...mpuhan] | tangkêpirèng ajurit | gêlar prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane ramya kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasami ambêdhili ||
46.002 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati ||
46.003 sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | mring nagri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||
198 dari 257