Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45–46 dari 55
198–199 dari 257
1.975–1.984 dari 2.562
45.035 ing Pathi wus kaèdêkan | dening Mangkuyuda prawirèng jurit | pan tiyang Pathi kakêlun | akathah ingkang pêjah | dènnya mapag tiyang Sampang pêrangipun | têtiyang Pathi sasaran | sami lumayu angili ||
45.036 ing Kudus sampun kabêdhah | jinarahan tiyang alit awingwrin | kalangkung dening arusuh | solahe wong Madura | pan ing Warung Garobogan wus kalulun | binoyong lan jinarahan | puyêngan samya angili ||
45.037 nanging nagari ing Dêmak | maksih băngga angawali ing jurit | arame dènnya acampuh | tan ana kang kasoran | ing ayuda arame buru-binuru | surak lir pendah ampuhan | tan ana mundur ing jurit ||
46. Durma
46.001 surakipun wong Dêmak kadya ampuhan [[294] 374: a...mpuhan] | tangkêpirèng ajurit | gêlar prit anêba | tiyang Sampang sudira | milane ramya kang jurit | tiyang ing Dêmak | prasami ambêdhili ||
46.002 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | langkung ramening yuda | tiyang ing Sampang kalindhih | kathahên lawan | akathah ingkang mati ||
46.003 sampun kèngsêr yudane wadyèng Madura | ya ta mangetan malih | mring nagri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wau bêbanton malih ||
46.004 Trunajaya utusan mring wong Madura | bantoni kang kalindhih | wo[1] măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadi têtindhih ||
46.005 ing Jêpara ing wau sampun kakêpang | wadya alit atintrim | pan angungsi kitha | miwah angungsi wana | ya ta dhinêsêg tumuli | kutha Jêpara | arsa ginêcak wani ||
46.006 wong Jêpara muwêr sajrone ing kitha | akanthi wong Kumpêni | kang tungguk Jêpara | wêtawis rong bragada | sêdya rarêmpon ing wuri | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati ||
46.007 para putra tansah pinêpêk ing ngarsa | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamênggala | kalawan Wăngsaprana | kalawan Ki Wiragati | Ki Imarêksa | lawan Ki Wiramantri ||
198–199 dari 257

 


wong. (kembali)