Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 55
201–202 dari 257
2.003–2.012 dari 2.562
46.026 kadya gulu kalawan Ki Singaludra | lawan Ki Gunturgêni | sapraptaning arga | ya ta Ki Wăngsadipa | sanjata dipun silihi | ingarah-arah | mimise anibani ||
46.027 Jagatamu wau ingkang binêranan | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | ya ta sinulêt tumuli | ungêl sanjata | lir obah kang pratiwi ||
46.028 wus umêsat mimis tiba pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katrajang sêmpal | wau katibanan mimis | saking ing arga | kalangkung gênging mimis ||
46.029 kang kasrèmpèt wong Sampang akathah pêjah | wong pasisir awingwrin | lan măncanagara | dening ta kaungkulan | kawuwung saking ing ardi | ing pamondhokan | pan ingulukan mimis ||
46.030 pan kalulun wong Madura bodholira | ing Jagatamu gusis | pan tiyang Mataram | lawan tiyang Makasar | ing Kudus kang dipun ungsi | banjur mangetan | kuwur kang wadya alit ||
46.031 kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apagunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng Prabu ing Matawis | yèn ing Japara | wau dipun inggahi ||
46.032 wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | akarsa binakta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | ing putranira | ingutus mring Matawis [[298] 378] ||
46.033 tan kawarna lampahe ingkang dinuta | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurut anglêlanangi | Dhandhangwacana | wau ingkang kêkasih ||
46.034 mêdal Jipang apan angjog Jagaraya | lan wong măncanagari | brang wetan sumahab | saha gêgamanira | Dhandhangwacana dèn iring | lan wong Madura | polahe gêgilani ||
46.035 nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | tatiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||
201–202 dari 257