Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 55
202–203 dari 257
2.012–2.021 dari 2.562
46.035 nagri Pajang maksih băngga linawanan | anglawani ngajurit | nanging tan kawawa | nagari Pajang rusak | tatiyang alit awingwrin | marang wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||
46.036 Kyai Dhandhangwacana ngancik Kajoran | pratingkah lêlanangi[1] | nagari ing Pajang | anungkul kaèdêgan | tiyang jro kitha atintrim | têtiyang Sampang | tansah anjêjarahi ||
46.037 nulya sigra angancik anèng Kajoran | saha bala ngajrihi | Panêmbahan Rama | pan sampun kumpul sigra | angadêgakên kang baris | anèng Kajoran | wong Madura kinanthi ||
46.038 pra dêdesan rinayah kathah binahak | ingkang tumut Matawis | wong desa puyêngan | padha abilunglungan | ingkang miyarsa pan ajrih | dening wong Sampang | nginggahi wong Matawis ||
46.039 tiyang Pajang sampun anungkul sadaya | miwah măncanagari | Warung Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | ing Pamagêtan | Madiun Pranaragi ||
46.040 ing Gaduwang pan sampun nungkul sadaya | tiyang măncanagari [[299] 379: măncana...gari] | brang wetan sadaya | miwah pasisir ika | sadaya sami ambalik | tiyang Mataram | padêdesan atintrim ||
46.041 sampun katur mring Susunan ing Mataram | yèn wong Sampang nginggahi | ran Dhandhangwacana | angancik ing Kajoran | ing Pajang sampun ambalik | apan kèdêgan | tiyang Pajang atintrim ||
46.042 Panêmbahan Rama akêmbul wong Sampang | apan sampun ambalik | ngadêgkên gêgaman | wau anèng Kajoran | apan tansah bêbahaki | ingkang padesan | ingkang tumut Matawis ||
46.043 sri narendra sakalangkung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpak para putra | miwah para santana | Pangran Dipati Matawis | munggèng ing ngarsa | lan Pangran Singasari ||
46.044 atanapi Pangeran ing Martasana | Pangeran Pugêr nangkil | Pangeran ing Balitar |[2] Pangeran Pringgalaya | lawan Radèn Singasari | lan Wiratmêja | Wiramanggala nangkil ||
202–203 dari 257

 


nglêlanangi. (kembali)
Lebih satu suku kata: Pangran ing Balitar. (kembali)