Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46–47 dari 55
203–204 dari 257
2.029–2.038 dari 2.562
46.052 pangran dipati lagi amit ing rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | ing rama winêling-wêling | dèn aprayitna | sun srahakên ing Widhi ||
46.053 para putra wus atur bêkti sadaya | ya ta kondur sang aji | lumêbèng ing pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadi prawata sari ||
46.054 wusnya kondur Pangran Dipati Mataram | Pangeran Singasari | Pangran Martasana | Pangeran Pugêr ika | wus kondur saking anangkil | sigra adandan | sakapraboning jurit ||
46.055 wus sumaos wahana turăngga aglar | kadi prawata sari | barising kaputran [[301] 381] | gêgaman warna-warna | wus pêpak kang punang baris | dyan kawarnaa | pangeran adipati ||
46.056 wus siyaga sadandananing ayuda | waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | dhahar wus tinampanan | kang wadya andêling wèsthi | para lêlurah | samya saos ing jawi ||
46.057 ya pangeran dipati ngrasuk busana | sadandananing jurit | dhuwung anyuriga | rasukan lapis tiga | kadi Hyang Asmara rêsmi | wusnya siyaga | pangran dipati mijil ||
46.058 ginarêbêg dening kang para lêlurah | miwah andêling wèsthi | lir gêrah kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lir wêrdu ăngga | dhêndhêng barising wingking ||
47. Pangkur
47.001 budhal barising Mataram | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | asrang umung bala kang sami anguwuh | ing rowang lir kadi gêrah | kriciking astra agathik ||
47.002 Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos sulam munggwing pungkur | samas kang munggwing ngarsa | amarapit payung agung munggwing ngayun | ingkang munggwing wuri pisan | wong satus anumbak putih ||
47.003 gêgaman mawarna-warna | amarapit kanan kalawan kering | ingkang lumampah ing ngayun | bupati ing Mataram | para arywa ngabèi lawan tumênggung | Pangeran ing Pringgalaya | kang dadi cucuking jurit ||
203–204 dari 257