Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 55
206–207 dari 257
2.054–2.063 dari 2.562
47.019 wong Mataram pan uninga | yèn panêmbahan alolos sing wêngi | wus raina dyan tinumpuk | Kajoran jinarahan | pan binoyong tiyang Kajoran kang kantun | dalêmira dèn ngobongan | dening têtiyang Matawis ||
47.020 sasampune jinarahan | wong Kajoran binêkta mring Matawis | pangeran dipati kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Matarum | sira Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surabanggi ||
47.021 apanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta pan gantya warsa | Panêmbahan Madurêrna wus arêmbug | sumêdya angalih praja | akêkutha ing Kadhiri ||
47.022 sadaya wus sami rêmbag | pan wong măncanagara ing pasisir | ingkang wus samya atulung | datan ana sumêlang | ing parentah sadaya sami asuyud | samana datan winarna | ing marga praptèng Kadhiri ||
47.023 tan winarna solahira | karya kutha pan samêkta wus dadi | kalangkung dening akukuh | adan atata gêlar | ing ayuda saha sanjata wus didum | kang mungguh ing ngarsa wuntat | kanan kèri wus arakit ||
47.024 dene ingkang tinanggênah | anêtêpi kantun nèng Surabanggi | ingkang ajaga pakewuh | santana ing Madura | lan anganthi [[305] 385] pan wong Surabayanipun | tansah amawi gêgaman | tan ana sumêlang galih ||
47.025 ya ta wau kawarnaa | kang umadêg nagari ing Kadhiri | tansah gêgunêman catur | amrih arjaning lampah | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | lan Raja Galengsong sira | minggah dhatêng ing Matawis ||
47.026 miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram sampun sêpuh | ungsume pan rêngkaa | pan wus mêpêk gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||
47.027 sami amêpak gêgaman | wus arakit minggah dhatêng Matawis | wus prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||
47.028 pêpatihe Panêmbahan | Madurêtna nênggih wastanerèki | Amangkuyuda Tumênggung | amêdal Garobogan | anjog Pajang ing Kajoran kang jinujug | kang mêdal kilèn winarna | wong Madura kang nindhihi ||
206–207 dari 257