Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 55
207 dari 257
2.061–2.070 dari 2.562
47.026 miwah Panêmbahan Rama | angrêmbugi satu kalawan pasthi | ing Mataram sampun sêpuh | ungsume pan rêngkaa | pan wus mêpêk gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||
47.027 sami amêpak gêgaman | wus arakit minggah dhatêng Matawis | wus prapta samayanipun | sigra anuli bubar | apan pinaju kalih ing lampahipun | dening ingkang mêdal wetan | wau ingkang anindhihi ||
47.028 pêpatihe Panêmbahan | Madurêtna nênggih wastanerèki | Amangkuyuda Tumênggung | amêdal Garobogan | anjog Pajang ing Kajoran kang jinujug | kang mêdal kilèn winarna | wong Madura kang nindhihi ||
47.029 awasta Ki Wăngsaprana | lampahira amêdal ing Matawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Trêrayêm sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun | awasta Dandhangwacana | sami prakosa ing jurit ||
47.030 tanapi bala Makasar | ingkang nunggil Ki Mangkuyuda sami | dening ta pangajêngipun | wasta Dhaèng Marewa | wontên malih awasta pun Busungmarnung | solahe lir wardu ăngga | pan sarêng bubar kang baris ||
47.031 têtiyang [[306] 386] măncanaga |[1] ing brang wetan sadaya sami ngiring | lawan sagêgamanipun | kèhing gaman sumahab | tan kawarna lampahe baris anglurug | sakathahe wong brang wetan | suyut manahe awingwrin ||
47.032 tan kawarna lampahira | ing Garompol wau pan sampun prapti | ya ta amondhok pan kumpul | dènnya atatan-tatan | angêntèni rowangira ingkang kantun | wau kang anèng brang wetan | kalangkung agênging baris ||
47.033 wong sabrang wetan puyêngan | kagegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | lawan saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag solahipun | anglir pendah saradula | kang abăngga dèn patèni ||
47.034 tiyang èstrine tinawan | rinayah rajakayane ênting |[2] wong Pajang samya misuwur | yèn wadya Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan gènipun | ing garompol binarisan | risak wong pinggir banawi ||
47.035 tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dene ing warta misuwur | akarsa ingunggahan | dening tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | pan sami amêpak baris ||
207 dari 257

 


Kurang satu suku kata: têtiyang măncanagara. (kembali)
Kurang satu suku kata: rinayahan rajakayane ênting. (kembali)