Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 55
204–205 dari 257
2.039–2.048 dari 2.562
47.004 kalawan Pangran Balitar | pan tanapi Tumênggung ing Matawis | sawadyanira kumêtug | wau ing lampahira | Kyai Mangunnagara kang munggwing ngayun | lawan Radèn Wiratmêja [[302] 382: Wira...tmêja] | Wiranagara prajurit ||
47.005 marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal saking taji pan anglurug | ing Kajoran kang sinêdya | kuwur manahe wong cilik ||
47.006 ya ta wau kawarnaa | ing Kajoran samana ngadêg baris | samana sampun akêmbul | lan barising Madura | bala Sampang dening ta têtindhihipun | awasta Dhandhangwacana | agêng ainggil tur wani ||
47.007 ing Pajang apan kabahak | samya nungkul mring Dhandhangwacanèki | măncanagara wus têluk | kaduwang Pamagêtan | wong Madura angajrihi tandangipun | ya ta wau kawarnaa | barise tiyang Matawis ||
47.008 ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | Kajoran sampun kakêpung | surak kadi ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | apan sampun asiyaga | sadandananing ajurit ||
47.009 miwah ingkang para sabat | wus adandan samya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhandhangwacana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
47.010 tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||
47.011 sanjata muni lir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis [[303] 383] | pêtêng lir pendah papêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadi jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||
47.012 arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau ta tiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||
47.013 prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||
204–205 dari 257