Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 55
205–206 dari 257
2.044–2.053 dari 2.562
47.009 miwah ingkang para sabat | wus adandan samya tumut ing gusti | tiyang Madura kumutug | sira Dhandhangwacana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
47.010 tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang Mataram akathah | ya ta acampuh kang jurit ||
47.011 sanjata muni lir bêntar | kang pratala anglir udan kang mimis [[303] 383] | pêtêng lir pendah papêdhut | satêngahing ayuda | dening kukusing sundawa kadi jawuh | mimis satêngahing rana | arame kang punang jurit ||
47.012 arame kang punang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ingkang wingking maksih purun | wau ta tiyang Madura | yudanira pan kalindhih ||
47.013 prajurite kathah pêjah | wong Kajoran wau sigra nulungi | saha gêgaman anggrêgut | nanging si kêkathahan | wong Kajoran ing wau kathah kasambut | wantu kêkathahên lawan | prasasat katiban wukir ||
47.014 kondur têtiyang Madura | wong Kajoran kondurira awingwrin | ya ta kasaput ing dalu | sami apamondhokan | arêrangkah sami aprayitnèng kewuh | wau têtiyang Madura | manahe tan kêna pulih ||
47.015 tanapi tiyang Kajoran | manahira kabèh sami umiris | dening ta karoban mungsuh | prasami aparêmbagan |[1] Panembahan Rama lan santananipun | prayoga yèn angêmbula | mangetan tunggala baris ||
47.016 kalawan Ki Trunajaya | naro nana ingkang keron ing pikir | pasthi ing ayuda kukuh | benjang nadyan wangsula | mring Mataram bêtaa gêgaman agung | aja atanggêl ing lampah | Dhandhangwacana mêthuki ||
47.017 ya ta asami arêmbag | ing Kajoran sigra dandan tumuli | sumêdya lolos ing dalu | lan saanak rakyatnya | wus adandan awatara têngah dalu | kang kulawarga sadaya | apan sami dèn wangsiti [[304] 384] ||
47.018 saksana anuli bubar | wong Madura kang lumakwèng ing wuri | apan kasusu ing laku | akèh ingkang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surabanggi ||
205–206 dari 257

 


Lebih satu suku kata: prasami arêmbagan. (kembali)