Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 55
210–211 dari 257
2.096–2.105 dari 2.562
48.022 pra prawira prajurite wong Mataram | nora duwe kawanin | miwah para putra | manahe lir wanudya | tan darbe kawanèn wringwrin[1] | marang wong Sampang | ing Mataram kèh mati ||
48.023 ngungsi kitha wadyabala ing Mataram | puyêngan sanagari | têtiyang Mataram | lir gabah ingitrêran[2] | sadina-dina atintrim | saanak rena | dening miyarsa warti ||
48.024 wong Madura sampun anêsêk ing kitha | lan wong măncanagari | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | kuthane wong Matawis ||
48.025 obongana omah sajabaning kitha | manawa wong Matawis | ana ingkang băngga | pan sira patènana | payo abongana[3] aglis | karêpe uga | ing jro kitha atintrim ||
48.026 ingobongan umah sajabaning kitha [[311] 391: ki...tha] | sarta dipun jarahi | surak lir ampuhan | wong Sampang ambêbajag | sajroning kitha atintrim | pan apuyêngan | manahe sami wingwrin ||
48.027 prang[4] punggawa miwah kang para santana | myang ingkang para mantri | anèng pagêlaran | miwah kang para putra | pêpak anèng păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||
48.028 anyaosi karsanira sri narendra | manawa sri bupati | miyosi ngayuda | mila para punggawa | saos anèng păncaniti | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||
48.029 wus wuninga lamun jangjining Pangeran | tan kena dèn gingsiri | yèn kitha Mataram | pan sirna jênêngira | sri narendra ing Matawis | pan anarima | marang titahing Widhi ||
48.030 sri narendra akarsa atilar pura | kèngsêr saking Matawis | tan kêna ingambah | nagri Mataram rêngka | pan sampun têka ing jangji | ing satus warsa | jênênge ing Matawis ||
48.031 ingundhangan para sêlir lawan garwa | têtiyang jroning puri | kinèn adandana | karsane sri narendra | akarsa lolos ing wêngi | saking Mataram | busêkan wong jron puri ||
210–211 dari 257

 


wingwrin. (kembali)
ingintêran. (kembali)
obongana. (kembali)
pra. (kembali)