Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 55
211–212 dari 257
2.107–2.116 dari 2.562
48.033 malêm Akat tanggal ping walulas Sapar | taun Be [[312] 392] măngsa kalih | ya ta sinêngkalan | dening ingkang anurat | rusake nagri Matawis | pan sirna ilang | rasane ingkang bumi ||
48.034 apan dalu bubare sri naranata | saking sajroning puri | jro pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlarira | donya kang dèn bêktani ||
48.035 apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadya gabah dèn intêri | wadya Mataram | padha arêbut urip ||
48.036 salang tunjang kasêlak pisah lan trêsna | amung kang anak rabi | binakta tan pisah | dunya datan kabêkta | amung anake dèn indhit | ginggal[1] ing dalan | anake tan dèn tolih ||
48.037 rabinira angucap anakmu gigal | kang lanang anyauri | pang gigal cikbèna | ginawe apa bocah | prandene gampang akardi | balikan sira | dèn kêbata lumaris ||
48.038 ilang ora sok ijih ya biyangira | hèh biyangane Sidin | sun anggo bibitan | ya ta sêlak katunjang | sawênèh ngulari rabi | wantu wong kathah | wênèh pisah lan kaki ||
48.039 pan abondhèt maring ing wong liyanira | awakipun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang kartaning jaman | kawula andika kawin | ingsun ngawula | prandene laki mami ||
48.040 pan atinggal si jênat tan angruruha | kathah solahing [[313] 393] èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya anggili | tut wingking sira | marang sri narapati ||
48.041 ingkang sugih anak langkung susahira | ginendhong pan dèn indhit | sawênèh punika | ana winut[2] ing kuda | pating barêngèk kang nangis | kawêlasarsa | kang maksih dèn susuni ||
48.042 pan katunjang dening wisma ingobongan | lir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan nora dadi pikir ||
211–212 dari 257

 


gigal. (kembali)
winot. (kembali)