Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 55
212–213 dari 257
2.112–2.121 dari 2.562
48.038 ilang ora sok ijih ya biyangira | hèh biyangane Sidin | sun anggo bibitan | ya ta sêlak katunjang | sawênèh ngulari rabi | wantu wong kathah | wênèh pisah lan kaki ||
48.039 pan abondhèt maring ing wong liyanira | awakipun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang kartaning jaman | kawula andika kawin | ingsun ngawula | prandene laki mami ||
48.040 pan atinggal si jênat tan angruruha | kathah solahing [[313] 393] èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | angulon dènnya anggili | tut wingking sira | marang sri narapati ||
48.041 ingkang sugih anak langkung susahira | ginendhong pan dèn indhit | sawênèh punika | ana winut[1] ing kuda | pating barêngèk kang nangis | kawêlasarsa | kang maksih dèn susuni ||
48.042 pan katunjang dening wisma ingobongan | lir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan nora dadi pikir ||
48.043 parandene tan ngumani sêga wadhang | aja maras ing ati | sun maksih nonoman | sok kartaa ing jaman | ing benjang ingsun ilèni | pan gawe bocah | parandene agampil ||
48.044 kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | pan wus nabrang Paraga | angilèn sêdya dèn ungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||
48.045 kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | angilèn nabrang banawi | suwêng ing pura | gadhaton[2] tan akari ||
48.046 ri saksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya lumêbèng kitha | apan angrêrayah sami | lir wardu ăngga | puyêngan wong Matawis ||
48.047 Ki Tumênggung Mangkuyuda nèng jro pura | wau dipun kakahi [[314] 394: kakah...i] | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalangkung kawêlasasih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||
212–213 dari 257

 


winot. (kembali)
kadhaton. (kembali)