Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 55
212–213 dari 257
2.116–2.125 dari 2.562
48.042 pan katunjang dening wisma ingobongan | lir grah swaraning tangis | sawênèh angucap | anakmu ilang papat | ingkang lanang anauri | ilang oraa | pan nora dadi pikir ||
48.043 parandene tan ngumani sêga wadhang | aja maras ing ati | sun maksih nonoman | sok kartaa ing jaman | ing benjang ingsun ilèni | pan gawe bocah | parandene agampil ||
48.044 kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | pan wus nabrang Paraga | angilèn sêdya dèn ungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||
48.045 kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | angilèn nabrang banawi | suwêng ing pura | gadhaton[1] tan akari ||
48.046 ri saksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya lumêbèng kitha | apan angrêrayah sami | lir wardu ăngga | puyêngan wong Matawis ||
48.047 Ki Tumênggung Mangkuyuda nèng jro pura | wau dipun kakahi [[314] 394: kakah...i] | têtiyang Mataram | kang kantun apuyêngan | kalangkung kawêlasasih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||
48.048 sakalangkung wong Madura kumawawa | polahe gêgilani | pan dadi bêbasan | bajag Sampang arêsah | sadaya giris ningali | dhasar andhugal | mênang aprang pan baring ||
48.049 Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula | marang sri narapati | ambêkta wong Sampang | miwah tiyang Makasar | nututi sri narapati | tiyang Mataram | kacandhak akèh mati ||
48.050 ingkang nutut pinala pan dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | bêktane dipun pêndhêti | sarwi jininah | ingkang mirsa atintrim ||
48.051 Ki Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | amung ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana | bakta bala sumahab | sigêgên datan winarni | pan kawarnaa | ingkang atilar puri ||
212–213 dari 257

 


kadhaton. (kembali)