Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 55
213–214 dari 257
2.127–2.136 dari 2.562
48.053 gurawalan ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | miwah wong ing Makasar | urut sèwu dèn margani | datan kawarna | solahira ing margi ||
48.054 wontên dening kang ngiring ing para putra | Pangeran Pugêr [[315] 395] nênggih | Pangran Martasana | lan Pangran Singasêkar | Radèn Tapa maksih alit | nanging kang raka | jêng pangeran dipati ||
48.055 ingkang tansah lumampah anèng ing wuntat | mila anèng ing wuri | sêmu lampahira | ngajêng-ajêng putusan | saking Trunajaya ugi | ubangginira | mangke wus anglampahi ||
48.056 nanging ngajêng-ajêng datan aprapta |[1] warnanên sri bupati | lajêng lampahira | dumugi Bumirema | wastane dhusunirèki | ing Kawisanyar | nèng ngriku sri bupati ||
48.057 ing Patêgan dhusunipun Kawisanyar | binegal sri bupati | mring wong Kawisanyar | tandange anggêgila | sakathahing para nyai | samya karuna | sadaya dèn dhèdhèli ||
48.058 iya marang têtiyang ing Karanganyar | angandika narpati | iya bênêr sira | ambegal marang ingwang | ujêr sira durung olih | ing barkat ingwang | ngandika sri bupati ||
48.059 èsmu duka sang nata dènnya ngandika | apan ngipat-ipati | mring wong kang ambegal | ora sêlamêt sira | mêngkono polahirèki | sigra sang nata | lajêng dènnya lumaris ||
48.060 ingkang begal pan sami lumpuh sadaya | tan wontên bisa mulih | marang wismanira | wau sri naranata | lajêng dènira lumaris | dugi Toyamas | wau kang dèn margani [[316] 396: mar...gani] ||
48.061 lampah dalêm dumugi ing Ajibarang | arêrêb sri bupati | ya ta kawarnaa | pangeran adipatya | saarinira angiring | lampahira gya | nusul mring jêng sri bupati |[2]|
48.062 sapraptane ing ngarsanira sang nata | pangran arya dipati | wus sami tur sêmbah | saha lênggah mangrêpa | sri narendra ngandika ris | dhatêng kang putra | pangeran adipati ||
213–214 dari 257

 


Kurang satu suku kata: nanging ngajêng-ajêng datan ana prapta. (kembali)
Lebih satu suku kata: nusul mring sri bupati. (kembali)