Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 55
174–175 dari 257
1.735–1.744 dari 2.562
40.026 yèn anêmpuh payo poma babar pisan | aja sira êgopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||
40.027 lah tunjangên ingkang parêk tumbakana | sampun arêmbag pikir | anulya umangsah | lan sagêgamanira | sêdya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||
40.028 tan akathah wong Mêkasar kang umangsah | wêtara kawan biting | apan ta sadaya | sami ing pênêdira | Galengsong kang anindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Mêtawis ||
40.029 wong Mêtaram sami eca ingkang manah | tan adarbe kuwatir | ingkang wikan amojar |[1] lah apan batur apa | swarane pating barêkik | lah oborana | sawênèh anauri ||
40.030 ika buron wana maring pamondhokan | ya ta nora aganti | nrajang pasanggrahan | wong Mêkasar asurak | alah amuk wong Mêtawis | sarta anunjang | pondhok dipun obongi ||
40.031 apuyêngan wadyabala [[258] 338: wadya...bala] ing Mêtaram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati-pati gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||
40.032 tinumbakan dening têtiyang Mêkasar | nora angsal ngudhili | kang sami sudira | pan ora olih papan | katunjang lawan kapipit | mila kèh pêjah | wadya măncanagari ||
40.033 apuyêngan pondhokira ingobongan | katunjang dening api | tan kobêr amapan | kèh pêjah padha rowang | kênèng gêgaman pribadi | wênèh lumajar | padha arêbut urip ||
40.034 wong Mêkasar pangamuke kadi yaksa | kadya banthèng akanin | kadi saradula | galak amăngsa sarpa | singa katrajang awingwrin | akathah pêjah | wong măncanagari |[2]|
40.035 palayu sami atilar gêgaman |[3] darbèke tan katolih | lumayu wêwuda | ingkang mêntas anendra | nanging ta arêbat urip | bingung puyêngan | bingung padha sawêngi ||
174–175 dari 257

 


Lebih satu suku kata: ingkang wikan mojar. (kembali)
Kurang satu suku kata: wong amăncanagari. (kembali)
Kurang satu suku kata: palayune sami atilar gêgaman. (kembali)