Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 55
172 dari 257
1.711–1.720 dari 2.562
40.002 Ja Galengsong sineba dening kang bala | miwah ingkang prajurit | lan kang pra santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên maksih | samya prawira | tate amangun jurit ||
40.003 Raja Glengsong angandika mring santana | aran Dhaèng Makincing | lah kapriye bapa | wartane wong Mêtaram | ing wartane êmèh prapti | apan sumêdya | anggêcak marang mami ||
40.004 sigra Dhaèng Makincing wau turira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mêtaram | lawan măncanagara | sumêdya gêcêk ing ngriki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||
40.005 Raja Galengsong sigra dènnya ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mêtaram | amapag marang ingwang | yèn muliha anak mami | marang Mêkasar | langkung dening aisin ||
40.006 angur ingsun miyanga nagri ing Jawa | pan ora sae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Mêtawis | angur matia | mulih tan antuk kardi ||
40.007 lah sakèhe wong ingsun têka Mêkasar | padha sun ajak mati | ywa tanggung ing lampah | angur payo lajua | parandene sira mulih | tan olih [[255] 335: o...lih] karya | ajur matiyèng ngriki ||
40.008 wong Mêtaram prapta yèn ngantêp ing yuda | lah papagên tumuli | yèn kakehan lawan | iya padha mundura | ywa padha ngamuk ing wêngi | dimène uga | kuwur tangkêping jurit ||
40.009 sampun rêmbag sakèhe para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | saha bala sumahab | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | amapag ing ajurit ||
40.010 kang amêtu kilèn wadya ing Mataram | ingkang mêdal ing kering | sira Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||
40.011 kadi gêrah surake wadya Mataram | sami prayitnèng wèsthi | bêbiting Makasar | apan sampun anglela | inguluk-ulukan bêdhil | suraking bala | lir udan awor angin ||
172 dari 257