Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 55
175–176 dari 257
1.744–1.753 dari 2.562
40.035 palayu sami atilar gêgaman |[1] darbèke tan katolih | lumayu wêwuda | ingkang mêntas anendra | nanging ta arêbat urip | bingung puyêngan | bingung padha sawêngi ||
40.036 pra dipati sadaya sami lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wruh kawula lan gusti | wus byar raina | larut bala Mêntawis ||
40.037 sirna gêmpang wau saking pamondhokan | sadarbèke kang kari | wus têlas rinayah | dening bala Mêkasar | Panji Karsula agiris | pan kagegeran | tinilar kang wadya lit ||
40.038 pan kalulun lumayu angungsi wana | sampun raina nênggih | mijil Sang Hyang Surya | datan kênèng tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||
40.039 Panji Karsula laju marang ing Japan | dene măncanagari | tan kêna tinata [[259] 339] | mila lajêng mring Japan | lan sawadyanya awingwrin | tiyang brang wetan | nora kêna apulih ||
40.040 wong Mêkasar ngungsêd sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | wani ngêsuk pisan | marang nagaranira | tiyang brang wetan awingwrin | mêngsah Mêkasar | kang wus manah anjêring ||
40.041 samya miris manahe tiyang brang wetan | Pajarakan ambalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kikin[2] | dene miyarsa | wong brang wetan ambalik ||
40.042 Pajarakan Prabalingga Pasuruan | ing Gêmbong samya balik | miwah ing Lumajang | Sarêngat lan Balitar | ing Kartasana ambalik | tiyang brang wetan | sami giris awingwrin ||
40.043 ya Ki Panji Karsula èmêng ing manah | arsa banjêl ing jurit | apan datan ana | wau ta ingadua | măncanagara ambalik | tiyang Mêtaram | sampun magut awingwrin ||
40.044 langkung merang yèn mantuka mring Mêntaram | măngsa nêdyaa urip | duka sri narendra | ya ta Panji Karsula | anèng ing Japan pan agring | pan datan arsa | wau dèn usadani ||
175–176 dari 257

 


Kurang satu suku kata: palayune sami atilar gêgaman. (kembali)
kingkin. (kembali)