Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 55
175–176 dari 257
1.749–1.758 dari 2.562
40.040 wong Mêkasar ngungsêd sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | wani ngêsuk pisan | marang nagaranira | tiyang brang wetan awingwrin | mêngsah Mêkasar | kang wus manah anjêring ||
40.041 samya miris manahe tiyang brang wetan | Pajarakan ambalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kikin[1] | dene miyarsa | wong brang wetan ambalik ||
40.042 Pajarakan Prabalingga Pasuruan | ing Gêmbong samya balik | miwah ing Lumajang | Sarêngat lan Balitar | ing Kartasana ambalik | tiyang brang wetan | sami giris awingwrin ||
40.043 ya Ki Panji Karsula èmêng ing manah | arsa banjêl ing jurit | apan datan ana | wau ta ingadua | măncanagara ambalik | tiyang Mêtaram | sampun magut awingwrin ||
40.044 langkung merang yèn mantuka mring Mêntaram | măngsa nêdyaa urip | duka sri narendra | ya ta Panji Karsula | anèng ing Japan pan agring | pan datan arsa | wau dèn usadani ||
40.045 tan kawarna Panji Karsula wus pêjah | anèng Japan anênggih | sampun ing astana | wontên mantri Mêtaram | lumayu atur upêksi | dhatêng sang nata | Sri Bupati Mêtawis ||
40.046 yèn pun Panji Karsula lampahe tiwas | pêrangipun kalindhih | wong măncanagara | sampun balik sadaya | tiyang brang wetan awingwrin | mring wong Mêkasar | sadaya sami balik ||
40.047 wus apêjah Panji Karsula nèng Japan | inggih pêjah asakit | Sang Prabu Mêtaram | langkung dènnya bramantya | kumêjot padoning [[260] 340: pa...doning] lathi | dene miyarsa | măncanagara balik ||
40.048 angandika sri narendra ing Mêtaram | sakèhing wong pasisir | lah padha karia | adandana sadaya | iya wong ing Dêmung mangkin | lah lurugana | sakèhe wong pasisir ||
40.049 Si Prawirataruna sira mênyanga | pan dadia têtindhih | iya pêrangira | wong pasisir sadaya | para mantri ing Mêtawis | ingkang milua | nglurug asmara kingkin ||
175–176 dari 257

 


kingkin. (kembali)