Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 55
178–179 dari 257
1.775–1.784 dari 2.562
41.017 Barêbês lawan Tatêgil | Wiradesa ing Pêpalang | Dêmak Sêmarang padene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajangkungan | Lasêm wus pêpak supênuh | anèng nagari Jêpara ||
41.018 prasami arêmbag pikir | para dipati sadaya | baita sampun sumaos | wau anèng ing muara | angêbêki samudra | Ki Wăngsadipa sasugun | pra niyaka ing Mataram ||
41.019 ya ta angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbage | inggih kakang Wăngsadipa | prakawis pun Walănda | sawarnine ingkang tugur | nèng muara ing Japara ||
41.020 pangandikaning narpati | apan ta kinèn ambêkta | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | dawêg dika tarosa | kalamun ta wontên purun | pangandikaning sang nata ||
41.021 kinèn nundhunga dèn aglis | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene [[263] 343] | lawan angribêdi manah | manawi tan sawêca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke linêkasan ||
41.022 Wăngsadipa matur aris | mring Radèn Wirataruna | inggih kawula tarose | mangke Kumpêni punika | kadipundi kang karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||
41.023 amung têtiga anênggih | Kumpêni pangajêngira | Kapitan Dulkup wastane | lan Sareyandrop punika | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun | tan kawarna sampun prapta ||
41.024 ing ngarsane pra dipati | pasisir lawan Mataram | prasami pêpakan kabèh | Ki Ngabèi Wăngsadipa | aris dènira ngujar | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||
41.025 mungsuh Makasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | pan sira kinèn dhèrèka | iya marang rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Makasar ||
41.026 yèn sira datan nanggupi | parintahe sri narendra | pangandikane sang katong | pan sira kinèn nundhunga | iya saking Japara | aja ngrêribêdi laku | kaya priye aturira ||
178–179 dari 257