Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
41 dari 55
177–178 dari 257
1.762–1.771 dari 2.562
41.004 aywa ngrêrubêdi pikir | Prawiratruna tur sêmbah | saksana kondur sang katong | malêbêt ing dalêm pura | kang sowan bubar samya | tan kawarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||
41.005 apan sumados apanggih | iya nagari Jêpara | apan sampun mantuk kabèh | samya adandan sanjata | miwah ingkang baita | mangkana ingkang winuwus | Radèn Prawirataruna [[261] 341] ||
41.006 pan sampun pêpak kang baris | Radèn Prawirataruna | lir grah kapitu swarane | gêgaman sampun malatar | lir ombaking samodra | awarna-warna dinulu | pan kadi prawota sêkar ||
41.007 sampun siyaga waradin | tiyang Prawirataruna | apadene piyandêle | ing ayuda wus siyaga | miwah para santana | rahadyan ingkang winuwus | apan sampun asiyaga ||
41.008 lagya apamit ing rabi | kalawan kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha kariya | kalamun awak ingwang | yèn besuk pan ora mantuk | ingsun titib putranira ||
41.009 momonga kang kari-kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn ana galap-gampile | ingsung iki lawan sira | sapura-sinapura | ewuhaya wong anglurug | manawa tumêkèng pêjah ||
41.010 pan uwis karasèng ati | milane sira sun warah | iya sun wêkas mangkono | ingsung yayi pinitayan | dening sri naranata | ngundurkên mungsuh ing Dêmung | yèn ora bangkat ing karya ||
41.011 ingsun ora sae mulih | lah uwis padha kariya | dèn bisa sapungkur ingong | pra garwa sami karuna | ya ta datan kawarna | solahe dènnya mung wuyung | rahadèn sampun abubar ||
41.012 lir gêrah kang wadya alit | rahadèn nitih turăngga | abra murub busanane | budhale ngiring kang wadya | miwah para santana | gêgaman abra dinulu | yèn tinon awarna-warna ||
41.013 waos binang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhag | waos sulam lan bung ampèl | kang dadi cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun [[262] 342] | lir gêrah swaraning bala ||
177–178 dari 257