Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 55
180–181 dari 257
1.797–1.806 dari 2.562
42.011 pan tambuh winalêsêna | pan kawratan wau dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajak têmpuh ing yuda | pan ing kono benjang gon ingsun nênaur | ing danane gustiningwang | sun saurane ing pati ||
42.012 pêpakan para niyaka | wong pasisir samana gunêm pikir | Prawiratruna amuwus | marang para niyaka | kadipundi ing karsa padha ngong tantun | aprakawising Madura | lah kadipundi ing mangkin ||
42.013 datan sowan mring Mataram | mèh sawarsa malah punjul ing mangkin | manira iki ingutus | ana ing Surabaya | wong Madura sawiji tan ana muncul | pangandikaning sang nata | kinèn mariksa kariyin ||
42.014 mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn alan abêcik |[1] para dipati arêmbug | kawula amiyarsa | Trunajaya ambêbêg sawarninipun | milane tiyang Madura | tan sowan dhatêng Matawis [[266] 346] ||
42.015 prayogine ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan sêratipun | dhumatêng Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||
42.016 utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | kucapa ingkang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galengsong mangking ||
42.017 milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||
42.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||
42.019 nanging ta Ki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | [...] | [...] | [...] | pèngêt bêbuka têtulis ||[2]
42.020 kang sêrat sira rahadyan | ywa Prawiratruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatêng akang[3] wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pêkênira kaki ||
180–181 dari 257

 


Kurang satu suku kata: karuhane yèn ala lan abêcik. (kembali)
Kurang tiga gatra: ke-4 (7u), ke-5 (12u) dan ke-6 (8a). (kembali)
ingkang. (kembali)