Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 55
181 dari 257
1.801–1.810 dari 2.562
42.015 prayogine ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan sêratipun | dhumatêng Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||
42.016 utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | kucapa ingkang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galengsong mangking ||
42.017 milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||
42.018 kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||
42.019 nanging ta Ki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | [...] | [...] | [...] | pèngêt bêbuka têtulis ||[1]
42.020 kang sêrat sira rahadyan | ywa Prawiratruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatêng akang[2] wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pêkênira kaki ||
42.021 milane wong ing Madura | boya seba iya marang Matawis | katur marang sang aprabu | kalamun pêkênira | kang apênging asebaa mring Matarum [[267] 347: Mata...rum] | apa nyata mangkonoa | iya ujare pawarti ||
42.022 lan maninge wong Madura | kinèn ngrêrig dene sri narapati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcêk wong Makasar | sampun tamat kang sêrat wiraosipun | angling Radèn Trunajaya | marang utusan amanis ||
42.023 alah ta sira matura | marang eyang nora nêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
42.024 ing mangke wontên parentah | angrêriga tiyang Madura iki | angluruga marang Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | manira dhatêng sumoga[3] | kang abdi saos ing kardi ||
181 dari 257

 


Kurang tiga gatra: ke-4 (7u), ke-5 (12u) dan ke-6 (8a). (kembali)
ingkang. (kembali)
sumăngga. (kembali)