Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 55
181–182 dari 257
1.809–1.818 dari 2.562
42.023 alah ta sira matura | marang eyang nora nêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||
42.024 ing mangke wontên parentah | angrêriga tiyang Madura iki | angluruga marang Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | manira dhatêng sumoga[1] | kang abdi saos ing kardi ||
42.025 nanging ta awak manira | nora miyang inggih lagi asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dening mêngko sapungkurmu | wong Madura lagi dandan | nusul marang Surabagi[2] ||
42.026 ya ta sampun sinambrama | kang utusan kalawan pinisalin | ya ta anuli tinundhung | duta amit anêmbah | sampun mangkat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||
42.027 Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarwi ngabêkti | wus katur sasolahipun | ya ta sira rahadyan | pan angunadika radèn sampun wêruh | lamun sinăngga ing krama | nanging ta dipun icani ||
42.028 sok kundura wong Makasar | wong Madura gampang kapagih wingking | rahadèn sampun arêmbug | arsa anuli bubar | aywa nuli anumpak [[268] 348: anumpa...k] baitanipun | ing pasisir kadya gêrah | swarane kang wadya alit ||
42.029 baita awarna-warna | apa dene baitaning Kumpêni | ing laut umyung gumuruh | sami nêmbang tangara | apan sarêng dènnya babar layaripun | sami masang tunggulira | saksana katub ing angin ||
42.030 lwir paksi krêndha rêratyan | apan sarêng angêmbara ing langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | sarêng layar sangking jêmbar nagara gung | baita pating salêbar | dening baita Kumpêni ||
42.031 winastan baita kapal | pan alayar anèng wuri atêbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan aminggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus sami prayitnèng wèsthi ||
42.032 wus minggir ingkang baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galengsong amiyarsa | lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh | kalawan para dipatya | kêrigan tiyang Matawis ||
181–182 dari 257

 


sumăngga. (kembali)
Surabanggi. (kembali)