Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 55
182–183 dari 257
1.816–1.825 dari 2.562
42.030 lwir paksi krêndha rêratyan | apan sarêng angêmbara ing langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | sarêng layar sangking jêmbar nagara gung | baita pating salêbar | dening baita Kumpêni ||
42.031 winastan baita kapal | pan alayar anèng wuri atêbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan aminggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus sami prayitnèng wèsthi ||
42.032 wus minggir ingkang baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galengsong amiyarsa | lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh | kalawan para dipatya | kêrigan tiyang Matawis ||
42.033 Raja Galengsong ngandika | pan pinêksa sakathahing prajurit | miwah ta santananipun | apan samya arêmbag | wong Makasar sumêdya arsa anggêmpur | pan tigan sapatarangan | Raja Galengsong mangkya ngling ||
42.034 lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | jurite wong Mataram | dèn prayitna aja na mundur pakewuh | pawartane wong Mataram | baitane sampun minggir ||
42.035 dening ta karsa manira | ing ayuda sun panggih ing pasisir | lawan mêpêka parau | sêsampat lêlanangan | pilihana baita [[269] 349] kang kakuh-kukuh | manawa prang ing sagara | saosa baita alit ||
42.036 lah dhayungana kewala | ya marmane sun ngangge baita lit | akêbat ing watakipun | lêmbing sira pêpêka | lah manawa amapak pêrang ing laut | lah sêsiwonên kawala | ingsun dhewe kang ngawaki ||
42.037 sakèhe wong tatêlukan | wong ing măncanagara buri têbih | manawa tan lămba kayun | wantune dudu băngsa | Dhaèng Mrewa ya ta wau awotsantun | kundur angundhangi bala | tangaran tinêmbang muni ||
42.038 tiyang Makasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar | ngangah-angah yèn angarêpakên mungsuh | dening ta kaya agea | atêmpuha ing ajurit ||
42.039 Raja Galengsong siyaga | wus rinakit kapraboning ajurit | jimate sampun rinasuk | sêdya ngantêp ing yuda | wus siyaga Raja Galengsong dyan mêtu | ingiring para santana | sakapraboning ajurit ||
182–183 dari 257