Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42–43 dari 55
183–184 dari 257
1.827–1.836 dari 2.562
42.041 akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jaladri | miwah baitanipun |[1] Kumpêni nèng samudra | nanging Răngga Sadayu wau kang rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit Matawis ||
42.042 wus sami prapta sadaya | sami mêntas anèng pinggir gagisik | pan sampun siyaga wau | sadandananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun [[270] 350: ba...risipun] | gêgamane warna-warna | anèng pinggiring pasisir ||
42.043 Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | Ki Wirawăngsa anggrêgut | lawan Suramanggala | iya iku para prajurit Matarum | polahe lwir wardu ăngga | angajab têmpuh ngajurit ||
42.044 datan adangu samana | wong Makasar amêtoni ing jurit | sarta lawan gamanipun | bêndhenira tinêmbang | angajrihi wong Makasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya pan unclang lêmbing ||
42.045 tiyang Mataram tumingal | lamun tiyang Makasar amêtoni | anêmbang tangaranipun | kumrab bala Mataram | wong pasisir akathah kang dèrèng rawuh | kasêlak mêngsah kang prapta | tan ana sêdya ngunduri ||
43. Durma
43.001 sigra mangsah prajurite wong Makasar | Galengsong kang nindhihi | kadi saradula | galak tan olih măngsa | kadya baju[2] angêjawi | mara ing ngarsa | pan sarwi unclang lêmbing ||
43.002 pan amangsah kang wadyabala Mataram | sêdya ngantêp ing jurit | ya ta binêdhilan | anêmpuh wong Makasar | swarane sanjata muni | lir langit rêbah | mimis kadya garimis ||
43.003 nora kundur wong Makasar ingkang mara | prasamya bèr kuwanin | sêdyaning ayuda | sarèh amuk kiwala | wong Mataram anadhahi | têmpuhing yuda | lir ngobahêna bumi ||
43.004 wong Makasar tan kandhêg dènnya nyanjata | angamuk karo lêmbing | sawênèh curiga | ingkang pinurug bubar | pan akathah kang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||
43.005 rencangipun wong [[271] 351] Mêtaram kèh kabranan | ingkang tinêmpuh ngisis | akathah kang pêjah | datan măngga puliha | rusak sikêping Mêtawis | tangkêping yuda | lir gabah dèn intêri ||
183–184 dari 257

 


Kurang satu suku kata: miwah ta baitanipun. (kembali)
bajo. (kembali)