Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 55
185–186 dari 257
1.846–1.855 dari 2.562
43.015 alah payo kabèh santana manira | padha sun ajak mati | Kyai Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun ta age ajurit | lamun kawula | pan gusti taksih urip ||
43.016 inggih kula gusti yèn sampun pralaya | karsa tuwan ing wingking | kawula tan wikan | angling wau rahadyan | iya sun tarima ngati | pracayanira | nanging sun milu mati ||
43.017 dyan umangsah Rahadèn Prawiratruna | kudane dèn camêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surake karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng mangsah ing jurit ||
43.018 pan arame dènnya aprang long-linongan | wong Makasar angungkih | tangkêping ayuda | sarèh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balane radyan | kang wuri maksih wani ||
43.019 Radèn Prawiratruna têtêg ing yuda | panggah prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk priyăngga | apan sampun ambêg pati | sira rahadyan | angamuk mobat-mabit ||
43.020 Sewajaya kalawan Ki Sewabăngsa | pan sampun ambêg pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja Galengsong aruntik | ngatag santana | pan ngamuka pribadi ||
43.021 Radèn Wirataruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana [[273] 353: santa...na] | tumpês sami palastra | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||
43.022 aningali ingkang santana wus têlas | mila saya mangungkih | têtiyang Makasar | akathah ingkang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||
43.023 Sewajaya mêndhak anungkêmi pada | matur sarwi anangis | pan wus nandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | pan inggih lamun suwawi | arêbat papan | ngantosi wong pasisir ||
43.024 lah suwawi gusti anumpak baita | angungsi mring jaladri | pan tiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pinapulih | inggih sumăngga | kalih sami ngantosi ||
185–186 dari 257