Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 55
187–188 dari 257
1.864–1.873 dari 2.562
43.033 pan kawula sri narendra mit palastra | mangsuli sih narpati | kawula wus tuwa | lêhêng ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Suksma | surak nagri Matawis ||
43.034 Sewajaya anangis nungkêmi pada | branane angranuhi | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | pan kapanggiha | kawula lawan gusti ||
43.035 angandika Rahadèn Prawiratruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap-gampil manira | sira apuraa ugi | singa palastra | aja malang tumulih ||
43.036 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling sira radyan | ingsun belani sira | awirang ingsun aurip | angur matia | santananingsun ênting ||
43.037 apan tiyang Makasar kathah kang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radèn niba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||
43.038 apan arsa tinigas mustakanira | Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon amara | tiyang Tranete ngrowangi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
43.039 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêp lawang | wong Makasar atintrim [[275] 355] ||
43.040 wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhusa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
43.041 sakarine wau kang para santana | angiringkên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wong ing pasisir | labuh sadaya | wau anèng jêladri ||
43.042 datan ana mêntas marang ing dharatan | apan sira alami | anèng ing samudra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawăngsa | Răngga Sidayu singgih ||
187–188 dari 257