Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 55
187–188 dari 257
1.869–1.878 dari 2.562
43.038 apan arsa tinigas mustakanira | Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon amara | tiyang Tranete ngrowangi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
43.039 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêp lawang | wong Makasar atintrim [[275] 355] ||
43.040 wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhusa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
43.041 sakarine wau kang para santana | angiringkên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wong ing pasisir | labuh sadaya | wau anèng jêladri ||
43.042 datan ana mêntas marang ing dharatan | apan sira alami | anèng ing samudra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawăngsa | Răngga Sidayu singgih ||
43.043 lan malihe Ki Ngabèi Singawăngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jêladri | tanpa wêkasan | prandene tan aminggir ||
43.044 tan kuwawa manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadi sumêlang | inggih Kumpêni puniki | raosing manah | tan tuhu angrencangi ||
43.045 lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wurung anampêki | yèn suwawi karsa | dawêg minggir punika | ing Paiton pan ingungsi | de kèn baita | sami mondhok ing kali ||
43.046 sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | nanging ta manira | inggih ta manira |[1] aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jêladri ||
43.047 tiyang pasisir ingkang sami arêmbag | ya ta layar tumuli | kang para baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarna sampun prapti | sakèh [[276] 356] baita | apan sami angranji ||
187–188 dari 257

 


Kurang satu suku kata: lah inggih ta manira. (kembali)