Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
43 dari 55
184–185 dari 257
1.838–1.847 dari 2.562
43.007 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging ta wong Mêkasar | pangamuke tan anolih | tiyang Mêtaram | ingkang tinrajang ngisis ||
43.008 prajurite wong Mêtaram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramênggala | kondure atawan kanin | sampun binayang | sru rusak wong Mêtawis ||
43.009 Radèn Prawiratruna nulya amirsa | pan rusak kănca mami | dyan mundhut turăngga | ngrasuk kaprajuritan | pan sumêdya angawaki | saha bra muncar | busana kang turanggi ||
43.010 Arya Radèn Prawira angagêm watang | angling sajroning galih | ingsun wus atuwa | sêdhêng mati ing rana | nglampahi ayahan gusti | yèn wong Mêkasar | tan mundur dening mami ||
43.011 angur aja mênangi rusak Mataram | tan bisa aningali | lêng baya matia | ingsun têngahing rana | kudane dipun camêthi | sira rahadyan | sumêdya lêbu agni ||
43.012 lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | lawan Ki Sewataka | Trunawijaya sawiji | iku sêntana | kalawan Wirakarti ||
43.013 dyan umangsah Rahadèn Wirataruna | ingkang bala angiring [[272] 352: a...ngiring] | dyan pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk mobat-mabit ||
43.014 arsa mundur emut sihe pan rahadyan | milane têmah mati | atatu kang jaja | Manguntruna akêna | kudane dipun camêthi | para santana | prasami angampingi ||
43.015 alah payo kabèh santana manira | padha sun ajak mati | Kyai Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun ta age ajurit | lamun kawula | pan gusti taksih urip ||
43.016 inggih kula gusti yèn sampun pralaya | karsa tuwan ing wingking | kawula tan wikan | angling wau rahadyan | iya sun tarima ngati | pracayanira | nanging sun milu mati ||
184–185 dari 257