Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
26–27 dari 257
256–265 dari 2.562
06.043 lajêng sami amondhokan | baris agêng wangsul anèng Sêmanggi | dumrojog ing pondhok agung | Dipati Martalaya | kagyat mulat kalamun kang rayi nusul | Martalaya ngling ing driya | apa wadine sang aji ||
06.044 gya Ki Arya Jasupănta | ingkang raka sigra dèn bêbisiki | Martalaya manthuk-manthuk | gêgaman nulya budhal | apan lajêng lampahe nglarug |[1] sagunge kang urut marga | rusak tanêm tuwuhnèki ||
06.045 gancanging carita prapta | Pasuruan gêgaman ing Mantawis | gègèr wong desa lumayu | angungsi jroning kutha | Pasuruan anênggih bupatinipun | Ki Tumênggung Kapulungan | ing jro kitha tata baris ||
06.046 wong Pasuruan mêlatar | wong Mantaram prapta angêpung wani | lor wetan kalawan kidul | kang samya binarisan | namung kulon kitha kang botên kinêpung | apan nora binarisan | dene wadya ing Mantawis ||
06.047 Ki Tumênggung Kapulungan | kudanira pun mêndhung dèn titihi | ulêsipun jajan[2] biru | nyirig ngubêngi kitha | Ki Tumênggung Kapulungan asru muwus | ing Tawong ing Pasuruan | kabèh ingsun ajak mati ||
06.048 warnanên dina Jumungah | wong Mantaram [[34] 34: Ma...ntaram] prasamya mêpak baris | pan enjing arsa ginêpuk | amikir jroning nala | upamane ingsun wani wong Mantarum | măngsa ta ngejaa gêsang | ingsun mungsuh wong Mantawis ||
06.049 wong kêdhik lawan wong kathah | padha kèhe wong wetan pothar-pathir | duk prang Siwalan rumuhun | pan akèh wong bang wetan | suprandene binuru kapêntut-pêntut | aku maning yèn mênanga | angur mundura kariyin ||
06.050 Ki Tumênggung Kapulungan | wadyanira arsa dipun apusi | hèh wong Pasuruan besuk | pan ingsun ora mêdal | bêcik bêngi lah payo padha angamuk | pasthi gugup wong Mantaran | payo ngamuk têngah wêngi ||
06.051 wadya Mêntaram akathah | yèn ta sira narajang têngah wêngi | pasthi sika[3] gagap-gugum[4] | bingung tan wruh ing rowang | wong Mantaram pêsthi yèn banjur balêdug | pan akèh olèh bandhangan | yèn rusak wadya Mantawis ||
06.052 pan sira ngêkêbi kutha | nora wurung sira nêmahi pati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucap jana |[5] ingkang wadya sadaya prasamya rêmbug | prasamya tata gêgaman | baris pasar gêdhe sami ||
26–27 dari 257

 


Kurang tiga suku kata: apan lajêng lampahe anglarug-larug. (kembali)
janjan. (kembali)
sira. (kembali)
gagap-gugup. (kembali)
Kurang satu suku kata: bêcik ucapên jana. (kembali)