Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
27–28 dari 257
262–271 dari 2.562
06.049 wong kêdhik lawan wong kathah | padha kèhe wong wetan pothar-pathir | duk prang Siwalan rumuhun | pan akèh wong bang wetan | suprandene binuru kapêntut-pêntut | aku maning yèn mênanga | angur mundura kariyin ||
06.050 Ki Tumênggung Kapulungan | wadyanira arsa dipun apusi | hèh wong Pasuruan besuk | pan ingsun ora mêdal | bêcik bêngi lah payo padha angamuk | pasthi gugup wong Mantaran | payo ngamuk têngah wêngi ||
06.051 wadya Mêntaram akathah | yèn ta sira narajang têngah wêngi | pasthi sika[1] gagap-gugum[2] | bingung tan wruh ing rowang | wong Mantaram pêsthi yèn banjur balêdug | pan akèh olèh bandhangan | yèn rusak wadya Mantawis ||
06.052 pan sira ngêkêbi kutha | nora wurung sira nêmahi pati | payo padha ngamuk dalu | bêcik ucap jana |[3] ingkang wadya sadaya prasamya rêmbug | prasamya tata gêgaman | baris pasar gêdhe sami ||
06.053 Ki Tumênggung Kapulungan | mêtu jaba kang baris dèn idêri | sarwi sumbar amuk-amuk | anantang Martalaya | samya kagyat wong Mantaram amuk-amuk | hèh wong Mantaran dèn yitna | ing Surabaya dèn ungsi ||
06.054 wus wikan wong Pasuruan | yèn gustine nyandêr ngulon sarimbit | kang wadya samya amisuh | wangsul marang jro kitha | wong Mantaram uninga samya amburu | katututan jawi kitha | samana wus dèn tumbaki ||
06.055 anulya nginêbi lawang | tan winarna dalu wuwusên enjing [[35] 35: e...njing] | ya ta wadya ing Mantarum | pan samya gangsir kitha | wusnya bêdhah wadya Mantaram umangsuk | anuju dina Jumungah | gumêrah swaraning tangis ||
06.056 para prajurit Mantaram | nèng jro kutha rêbutan kuda sami | anulya binêkta mêtu | kithane ingwobongan[4] | kang boyongan sadaya samya dèn êdum | Ki Tumênggung Kapulungan | pan samya dipun tututi ||
06.057 samana pan mèh kacandhak | kudanira andaru sampun kêni | Kapulungan wus lumayu | dharêsêl lan kang garwa | anèng jurang andhap papane alindhuk | pan ana wong Martalayan | lêlurahing Saragêni ||
06.058 arane Suwakawaka | lan Ki Suradahana wong kêkalih | uninga palajêngipun | tumênggung lan kang garwa | katututan dharêsêl dhalêsêl lan garwanipun |[5] ki tumênggung dèn gagila | pan sarwi dèn incêng bêdhil ||
27–28 dari 257

 


sira. (kembali)
gagap-gugup. (kembali)
Kurang satu suku kata: bêcik ucapên jana. (kembali)
ingobongan. (kembali)
Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun. (kembali)