Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
27–28 dari 257
267–276 dari 2.562
06.054 wus wikan wong Pasuruan | yèn gustine nyandêr ngulon sarimbit | kang wadya samya amisuh | wangsul marang jro kitha | wong Mantaram uninga samya amburu | katututan jawi kitha | samana wus dèn tumbaki ||
06.055 anulya nginêbi lawang | tan winarna dalu wuwusên enjing [[35] 35: e...njing] | ya ta wadya ing Mantarum | pan samya gangsir kitha | wusnya bêdhah wadya Mantaram umangsuk | anuju dina Jumungah | gumêrah swaraning tangis ||
06.056 para prajurit Mantaram | nèng jro kutha rêbutan kuda sami | anulya binêkta mêtu | kithane ingwobongan[1] | kang boyongan sadaya samya dèn êdum | Ki Tumênggung Kapulungan | pan samya dipun tututi ||
06.057 samana pan mèh kacandhak | kudanira andaru sampun kêni | Kapulungan wus lumayu | dharêsêl lan kang garwa | anèng jurang andhap papane alindhuk | pan ana wong Martalayan | lêlurahing Saragêni ||
06.058 arane Suwakawaka | lan Ki Suradahana wong kêkalih | uninga palajêngipun | tumênggung lan kang garwa | katututan dharêsêl dhalêsêl lan garwanipun |[2] ki tumênggung dèn gagila | pan sarwi dèn incêng bêdhil ||
06.059 garwanira girap-girap | ki tumênggung nêmbah angasih-asih | mentak ampun kula bagus | sampun sampeyan bêkta | pan kawula ngaturi mirah pêpitu | samya mirah babêrkatan | rêgi nigang atus kêthi ||
06.060 sumaur Suradahana | lah ta êndi mirahmu ingsun ambil | lawan sun boyong rabimu | katura sang dipatya | sun aturkên yèn sira bojo Tumêgung[3] | Kapulungan asru mojar | ing garwa sarêng anjêrit ||
06.061 sarwi ngrangkul garwanira | sigra sira pawaka anyêkêli | Ki Suradahana gupuh | anyêkêl ingkang garwa | sarêng nyandhak wus uwal lan garwanipun | Ki Tumênggung Kapulungan | garwane dipun cêkêli ||
06.062 garwane angundhamana | ujar sira wong lanang wêdi mati | ingsun adarma [[36] 36: a...darma] anêmu | sikêp arsa anjamah | yèn ta sira matia nèng jro kadhatun | nadyan silih binoyonga | pasthi binoyong priyayi ||
06.063 dhasar priyayi Mantaram | bagus-bagus prawira ing ajurit | alah raimu dikêpruk | Tumênggung Kapulungan | dhêndhaning Hyang Kapulungan mring sirèku | bupati wêdi palastra | bilaine andhatêngi ||
27–28 dari 257

 


ingobongan. (kembali)
Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun. (kembali)
Tumêggung. (kembali)