Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
28 dari 257
271–280 dari 2.562
06.058 arane Suwakawaka | lan Ki Suradahana wong kêkalih | uninga palajêngipun | tumênggung lan kang garwa | katututan dharêsêl dhalêsêl lan garwanipun |[1] ki tumênggung dèn gagila | pan sarwi dèn incêng bêdhil ||
06.059 garwanira girap-girap | ki tumênggung nêmbah angasih-asih | mentak ampun kula bagus | sampun sampeyan bêkta | pan kawula ngaturi mirah pêpitu | samya mirah babêrkatan | rêgi nigang atus kêthi ||
06.060 sumaur Suradahana | lah ta êndi mirahmu ingsun ambil | lawan sun boyong rabimu | katura sang dipatya | sun aturkên yèn sira bojo Tumêgung[2] | Kapulungan asru mojar | ing garwa sarêng anjêrit ||
06.061 sarwi ngrangkul garwanira | sigra sira pawaka anyêkêli | Ki Suradahana gupuh | anyêkêl ingkang garwa | sarêng nyandhak wus uwal lan garwanipun | Ki Tumênggung Kapulungan | garwane dipun cêkêli ||
06.062 garwane angundhamana | ujar sira wong lanang wêdi mati | ingsun adarma [[36] 36: a...darma] anêmu | sikêp arsa anjamah | yèn ta sira matia nèng jro kadhatun | nadyan silih binoyonga | pasthi binoyong priyayi ||
06.063 dhasar priyayi Mantaram | bagus-bagus prawira ing ajurit | alah raimu dikêpruk | Tumênggung Kapulungan | dhêndhaning Hyang Kapulungan mring sirèku | bupati wêdi palastra | bilaine andhatêngi ||
06.064 alah priye karêpira | si dilabrag wong iki anêmêni | angur matia wak ingsun | dèn ramuh sok wong-wonga | anauri Suradahana asêndhu | pan iya măngsa bêdhaha | tumênggung kalawan mami ||
06.065 măngsa kacèka sacêngkang | wus lumrahe padha luwihan daging | iku cêlèk iki cêlus | Tumênggung Kapulungan | amiyarsa kêthip-kêthip netranipun | hèh bagus dèn sarèh mana | kula atanya sayêkti ||
06.066 pundi trah ludira dika | sigra mojar Suradahana nauri |[3] pan ingsun Mantaram baku | Tumênggung Kapulungan | alon matur sokur yèn dede ing Kêdhu | miwah Siyèn Bagêlèna | bok punuk anênulari ||
06.067 Surapawaka angucap | hèh Dahana têka kaya wong baring | kaya bèbèta kang mêngku | bawah Sagala Ajam | de tingkahmu iya têka nora patut | anjamahana kang lanang | lan maning iku bupati ||
28 dari 257

 


Lebih tiga suku kata: katututan dharêsêl lan garwanipun. (kembali)
Tumêggung. (kembali)
Lebih satu suku kata: sigra mojar Suradahna nauri. (kembali)