Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6–7 dari 55
28–29 dari 257
280–289 dari 2.562
06.067 Surapawaka angucap | hèh Dahana têka kaya wong baring | kaya bèbèta kang mêngku | bawah Sagala Ajam | de tingkahmu iya têka nora patut | anjamahana kang lanang | lan maning iku bupati ||
06.068 dilalah pitulunging Hyang | wong kêkalih kang sawiji angling |[1] Kapulungan alon matur | nangis sarwi ngrarêpa | marang Surapawaka dhuh ariningsun | lah pun kakang uculêna | pasthi pira sun tuturi ||
06.069 pun kakang amêndhêt reyal | patang èwu tan wontên kang udani | padha reyal batu-batu [[37] 37: batu-ba...tu] | Surapawaka mojar | inggih pundi prênahe kakang tumênggung | panggenane kang pêndhêman | inguculan madu gêndhis ||
7. Dhandhanggula
07.001 yèn pun kakang andika unculi[2] | pasthinipun kawula atêdah | ingkang pinêndhêm prênahe | Surapawaka matur | lah ta kakang inggih suwawi | anulya inguculan | wau ki tumênggung | kalawan garwane pisan | nanging iya garwane dèn bosah-basih | marang Suradahana ||
07.002 Ki Tumênggung Kapulungan angling | inggih adhi sakidul gêdhogan | ngisor dalima prênahe | Surapawaka muwus | inggih kakang sami basuki | andika dipun enggal | manjinga wana gung | manawi ta tinututan | satêmahe andika cinêkêl malih | tumênggung amit kesah ||
07.003 garwanira tan bisa lumaris | sumlêngêrên wau solahira | nulya ginendhong garwane | apan ta kari pinjung | kang busana wus dèn dhèdhèli | marang Suradahana | ênêngna rumuhun | kang ngungsi mring Surabaya | kawarnaa wau gêgaman Mêntawis | kang samya anjêjarah ||
07.004 pitung dina wau wong Mêntawis | sabêdhahe kitha Pasuruan | rêrêbe kang baris kabèh | Martalaya winuwus | pan sakèhe kang pra dipati | prasamya rêrêmbagan | anèng tarub agung | para bupati sadaya | benjang Kêmis bubare bala Mêntawis | warnanên Jasupănta ||
07.005 apan namung antara sawêngi | sabêdhahe kitha Pasuruan | Ki Jasupănta udure[3] | baris jurang prêrau | pan adhêdhêg malang ing margi | sagung wadya Mantaram | tan sinungan wangsul | ajibêg jurang [[38] 38: ju...rang] baita | wus miyarsa sagung kang para bupati | yèn Arya Jasupănta ||
07.006 Jurangpalwa ingkang dèn tuguri | dadya gunêm kang para dipatya | Ki Martalaya dêlinge | paran ta wadinipun | ing karsane sri narapati | Ki Arya Jasupănta | anèng marga tugur | upama sun dikakêna | ambêdhaha nagara liyan puniki | apan nora winêkas ||
07.007 Jêng Pangeran Purbaya sigra ngling | bokmanawa nacahkên bêrana | Ki Jasupănta lakune | nanging ta dudu iku | Ki Dipati Mandura angling | tinêdha tinêrajang | apa kang pinadu | Pangran Purbaya ngandika | lah ya paman prasasat gègèr Mêntawis | kang tugur Jurangpalwa ||
28–29 dari 257

 


Kurang satu suku kata: wong kêkalih ingkang sawiji angling. (kembali)
uculi. (kembali)
undure. (kembali)