Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
24 dari 257
231–240 dari 2.562
06.018 Dipati Pajang angucap | hèh wong Japan sira sun ajak mati | gêgaman kidul puniku | lah payo tinarajang | nulya bêndhe [[30] 30] wong japan mangsah anggêrgut | barise Ki Martalaya | nulya tinarajang aglis ||
06.019 Martalaya Jasupănta | barisira dhusun ingkang kinardi | apan kathah wismanipun | wus celak wadya japan | ri saksana wismanya samya tinunu | dening wadya Martalayan | gêni katêmpuh ing angin ||
06.020 gêni ngêmbyuki wong Japan | kathah gosong samya katêmpuh api | Jasupănta sigra gêrgut | sarêng Ki Martalaya | bêndhe surak syarane lir gunung rubuh | wong Japan sinêrang bubar | wadyane datan ngudhili ||
06.021 wau ta Dipati Japan | datan kondur emut trahing prajurit | anyamêthi kudanipun | singa katrajang bubar | kinarocok ing watang kalawan ganjur | kinarutug ing sanjata | pinasêr lan jinêmparing ||
06.022 wong siji pira kuwatnya | dangu-dangu ki dipati ngêmasi | wau ta ing pêjahpun |[1] ya ta Dipati Japan | wong bang wetan sadaya samya lumayu | wadya ing Mantaram mulat | sadaya samya nututi ||
06.023 sawênèh mêgati marga | wong bang wetan kathah wonge kang mati | urut marga kathah lampus | sira Dipati Tuban | palayune atilar turangganipun | gajah titihan tininggal | arane tasidêrajit ||
06.024 sêlir kêkalih punika | kalih pisan anèng luhuring èsthi | Anggraita wastanipun | lawan pun Agrawala | wus jinarah marang wadya ing Mantarum | dipăngga wus rinantenan | anulya binêkta aglis ||
06.025 wong wetan samya binahak | pan lumayu wênèh tilar turanggi | tan bisa lumayu asru | wong lêsu nora mangan | pan lêmpuyang kunci kang pinangan wau | miwah babak kêmlaka |[2] kang samya [[31] 31: sa...mya] dipun garoti ||
06.026 arang ingkang mati aprang | bala wetan akèh mati agêring | sikep Surabaya agung | akèh ingkang kacandak | Adipati ing Tuban maksih binuru | kabubuh ing êndhut sigra | aniba saking turanggi ||
06.027 lumayu akêkadhalan | mèh kacandhak anèng paprangan aglis | dandanan sigra rinacut | aglis dènira nyêbar | pan rinêbut dening wadya ing Mantarum | sinêrang Dipati Tuban | lumêbu jroning wanadri ||
24 dari 257

 


Kurang satu suku kata: wau ta ing pêjahipun. (kembali)
Kurang satu suku kata: miwah babak kang kêmlaka. (kembali)