Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
25 dari 257
241–250 dari 2.562
06.028 pan cinatur pitung dina | anèng wana kang pinangan mung kunci | anuju rêndhêng puniku | rina wêngi kudanan | ênêngêna kocapa mondhokan agung | layone Dipati Japan | katur Sang Prabu Mantawis ||
06.029 sri narendra ris ngandika | lungguhêna layone si dipati | nulya linênggahkên sampun | layone sang dipatya | pan sinawang marang Sang Prabu Mantarum | aris dènira ngandika | iki sing trusing prajurit ||
06.030 baya mung ki besan Japan | ingkang duwe gawe ngalurug iki | pan iki pantês tiniru | tan malik tan kakèhan | wong Mantaram age parakna mring Butuh | tunggalêna Sultan Pajang | Si Dipati Japan iki ||
06.031 sri narendra angandika | arsa kondur nênggih dathêng Mantawis | Dipati Japan kang lampus | layone wus pinêtak | wus pinêrnah wau anèng dhusun Butuh | apan tunggal Sultan Pajang | sinêngkal ingkang lalis |[1]|
06.032 pandhita ginunêm ing prang |[2] sri narendra prapta nagri Mantawis | gancanging carita wau | agênti tatunira | Kanjêng Sulta[3] ningali punggawanipun | Martalaya Jasupănta | Jêng Sultan ngandhika aris [[32] 32] ||
06.033 Martalaya Jasupănta | lah bêdhahên ing Nglasêm lan si adhi | ing Nglasêm ajakên iku | Martalaya tur sêmbah | enjang budhal wau gêgaman Mantarum | gancanging carita prapta | nagari Santênan aglis ||
06.034 ing Nglasêm kinêpung sigra | wong ing Nglasêm pan sampun ngati-ati | wayahipun têngah dalu | wong Nglasêm samya mêdal | gêdhe cilik lanang wadon samya mêtu | pondhoke wong Pathi ika | wau kang jinujug aglis ||
06.035 swarane wong awurahan | wong Mantaram samya kagyat miyarsi | wruh yèn kitha bêdhah dalu | brana ing Nglasêm têlas | kari wonge dinum mring wong Pathi iku | enjing budhal wong Mantaram | wong ing Pathi samya ngiring ||
06.036 mantuk dhatêng ing Mantaram | tan winarna warga praptèng Mantawis | Dipati Pathi puniku | ngaturakên boyongan | langkung suka sri narendra dènnya dulu | samana duk sinêngkalan | ula gêdhe margèng bumi |[4]|
06.037 ri sampunira mangkana | Pasuruan pan arsa dèn tindaki | amêpak wadya sang prabu | sri narendra ngandika | mring punggawa kakang Martalaya gupuh | sira nindhihana karya | marang Pasuruan iki ||
25 dari 257

 


Kurang satu suku kata: sinêngkalan ingkang lalis. (kembali)
Tanggal: pandhita ginunêm ing prang (AJ [1]587). Tahun AJ 1587 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Juli 1664 sampai dengan 13 Juli 1665. (kembali)
Sultan. (kembali)
Tanggal: ula gêdhe margèng bumi (AJ 1588). Tahun AJ 1588 jatuh antara tanggal Masehi: 14 Juli 1665 sampai dengan 3 Juli 1666. (kembali)