Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 55
25–26 dari 257
245–254 dari 2.562
06.032 pandhita ginunêm ing prang |[1] sri narendra prapta nagri Mantawis | gancanging carita wau | agênti tatunira | Kanjêng Sulta[2] ningali punggawanipun | Martalaya Jasupănta | Jêng Sultan ngandhika aris [[32] 32] ||
06.033 Martalaya Jasupănta | lah bêdhahên ing Nglasêm lan si adhi | ing Nglasêm ajakên iku | Martalaya tur sêmbah | enjang budhal wau gêgaman Mantarum | gancanging carita prapta | nagari Santênan aglis ||
06.034 ing Nglasêm kinêpung sigra | wong ing Nglasêm pan sampun ngati-ati | wayahipun têngah dalu | wong Nglasêm samya mêdal | gêdhe cilik lanang wadon samya mêtu | pondhoke wong Pathi ika | wau kang jinujug aglis ||
06.035 swarane wong awurahan | wong Mantaram samya kagyat miyarsi | wruh yèn kitha bêdhah dalu | brana ing Nglasêm têlas | kari wonge dinum mring wong Pathi iku | enjing budhal wong Mantaram | wong ing Pathi samya ngiring ||
06.036 mantuk dhatêng ing Mantaram | tan winarna warga praptèng Mantawis | Dipati Pathi puniku | ngaturakên boyongan | langkung suka sri narendra dènnya dulu | samana duk sinêngkalan | ula gêdhe margèng bumi |[3]|
06.037 ri sampunira mangkana | Pasuruan pan arsa dèn tindaki | amêpak wadya sang prabu | sri narendra ngandika | mring punggawa kakang Martalaya gupuh | sira nindhihana karya | marang Pasuruan iki ||
06.038 kabèh kakang Martalaya | para mantri kang padha andon jurit | miwah kang para tumênggung | pondhokna kidul kuthi |[4] anadene sira senapatinipun | mondhoka sawetan kutha | dèn padha angati-ati ||
06.039 sakèhing para santana | pondhokêna saloring sabrang kali | kang kulon towongna besuk | poma dina Jemjumungah |[5] lamun sira amêrpêki kutha besuk | aywa liya ing Jêmjuwah | angantêpa ing ajurit ||
06.040 wus têlas wêling sang nata | Adipati Martalaya tur pamit | kondur sang nata ngadhatun | Dipati Martalaya | pra santana para dipati [[33] 33] anglurug | sadaya pan sarêng bubar | gêgaman dinulu asri ||
06.041 sri narendra angandika | hèh ta kakang Jayasupănta sirèki |[6] nusula mring kakangamu | anglurug Pasuruan | lah mondhoka sakiduling kutha besuk | sawurining pra dipatya | aja sira milu jurit ||
25–26 dari 257

 


Tanggal: pandhita ginunêm ing prang (AJ [1]587). Tahun AJ 1587 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Juli 1664 sampai dengan 13 Juli 1665. (kembali)
Sultan. (kembali)
Tanggal: ula gêdhe margèng bumi (AJ 1588). Tahun AJ 1588 jatuh antara tanggal Masehi: 14 Juli 1665 sampai dengan 3 Juli 1666. (kembali)
Biasanya guru lagu a: kutha. (kembali)
Lebih satu suku kata: poma dina Jumungah. (kembali)
Lebih satu suku kata: hèh kakang Jayasupănta sirèki. (kembali)