Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 55
31–32 dari 257
302–311 dari 2.562
07.020 atêtêgar kudanya anirig | Tambakbaya wau wuwusira | yèn ta mêksiha kang duwe | pasthine nora tulus | pan si domba mring jênêng mami | Ki Arya Tambakbaya | sarwi unclang lawung | anjèwèr ing kulitira | upamane kulitku ngong anggo jurit | nadhahi wong Mêntaram ||
07.021 pêsthi yèn kanggo satêngah sasi | dèn pêpanas utusan Mêntaram [[41] 41: Mê...ntaram] | malongo dulu polahe | tan pamit kuduripun[1] | mantri anom nandêr kêpati | tan winarna ing marga | wau lampahipun | raina wêngi lumampah | sampun prapta nagari Mantaram enjing | sri narendra sineba ||
07.022 kagyat ningali sri narapati | mantri anom majêng atur sêmbah | katur sadaya solahe | Arya Tambakbayèku | sakalangkung amanas ati | mèsêm sajroning nala | wau sang aprabu | osiking driya mangkana | sapa baya kang prayoga anindhihi | ngalurug marang Pajang ||
07.023 anging iya Mandurarêjèki | sun tuduhe ngalurug mring Pajang | dimène ewuh atine | iku kang gawe mungsuh | angandika sri narapati | hèh Dipati Mandura | sira ingkang patut | ngaluruga marang Pajang | angirida sagung putra dika sami | kabèh wadya Mantaram ||
07.024 sakathahe punggawa Mantawis | padha sira nguculkên panglampah | desa Pajang sarupane | boyongên wonge iku | padha sira pèkên pribadi | ya ta sagung punggawa | nguculkên pan sampun | utusan marang padesan | ambêboyong ucapên wau sang aji | kondur malbèng wingkingan ||
8. Pangkur
08.001 sagung punggawa sewaka | maksih andhèr anèng ing păncaniti | wontên utusan sang prabu | mêdal saking jro pura | sarwi bêkta waos lêligan puniku | pinaringkên Ki Mandura | dipati sigra nampani ||
08.002 sarwi dhawuhkên timbalan | hèh dipati timbalane [[42] 42: timbala...ne] sang aji | kinèn budhal besuk esuk | dene lampah andika | munggwing têngah ingkang munggwing kananipun | Adipati ing Sumêdhang | wong ingsun kang dèn tindhihi ||
08.003 putra dika Ki Juminah | ki dipati wontêna anèng kering | aliya saking puniku | santana myang punggawa | pra dipati ênggène anèng ing pungkur | angiringa jêngandika | rampung timbalan narpati ||
08.004 Ki Mandura tur sandika | kagyat wau ana karasa ngati | ki tumênggung wus lumêbu | warnanên panangkilan | pra dipati sampun bubaran sadarum | prasami dandan gêgaman | sagunging para prajurit ||
08.005 ing dalu datan kucapa | wus siyaga ya ta wuwusên enjing | Pangran Mandurarêjèku | pêpak para santana | nuli nêmbang têngara bêndhe angungkung | para santana sumahab | prasami atata baris ||
31–32 dari 257

 


kunduripun. (kembali)