Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 55
29–30 dari 257
285–294 dari 2.562
07.003 garwanira tan bisa lumaris | sumlêngêrên wau solahira | nulya ginendhong garwane | apan ta kari pinjung | kang busana wus dèn dhèdhèli | marang Suradahana | ênêngna rumuhun | kang ngungsi mring Surabaya | kawarnaa wau gêgaman Mêntawis | kang samya anjêjarah ||
07.004 pitung dina wau wong Mêntawis | sabêdhahe kitha Pasuruan | rêrêbe kang baris kabèh | Martalaya winuwus | pan sakèhe kang pra dipati | prasamya rêrêmbagan | anèng tarub agung | para bupati sadaya | benjang Kêmis bubare bala Mêntawis | warnanên Jasupănta ||
07.005 apan namung antara sawêngi | sabêdhahe kitha Pasuruan | Ki Jasupănta udure[1] | baris jurang prêrau | pan adhêdhêg malang ing margi | sagung wadya Mantaram | tan sinungan wangsul | ajibêg jurang [[38] 38: ju...rang] baita | wus miyarsa sagung kang para bupati | yèn Arya Jasupănta ||
07.006 Jurangpalwa ingkang dèn tuguri | dadya gunêm kang para dipatya | Ki Martalaya dêlinge | paran ta wadinipun | ing karsane sri narapati | Ki Arya Jasupănta | anèng marga tugur | upama sun dikakêna | ambêdhaha nagara liyan puniki | apan nora winêkas ||
07.007 Jêng Pangeran Purbaya sigra ngling | bokmanawa nacahkên bêrana | Ki Jasupănta lakune | nanging ta dudu iku | Ki Dipati Mandura angling | tinêdha tinêrajang | apa kang pinadu | Pangran Purbaya ngandika | lah ya paman prasasat gègèr Mêntawis | kang tugur Jurangpalwa ||
07.008 pan kawula wau Ki Dipati | Mandurarêja dènira ngucap | angrasa salahe dhewe | Ki Sêcasêdanèku | duk miyarsa anulya pamit | marang Ki Martalaya | wus budhal rumuhun | wus prapta ing Jurangpalwa | Kyai Dêmang Wêdana ngrangkêpi baris | panggih lan Jasupănta ||
07.009 Dêmang Singawêdana awarti | wau ingkang arsa panêrajang[2] | Pangran Mandurarêjane | Jasupănta gya mantuk | wus graita sajroning galih | kaya ujar mangkana | kang dèn ajak wau | dene ta nora nêrajang | dyan Ki Arya Jasupănta budhal aglis | saking ing Jurangpalwa ||
07.010 wus miyarsa wau sri bupati | yèn Ki Arya Jasupănta budhal | saking ing patugurane | saksana nulya laju | sagung ingkang bala Mêntawis | tan lami anèng marga | sêngkala ingetung | nênggih trus katêlu jagad | wong linuwih Jayasupănta wus prapti | anèng nagri Mantaram [[39] 39] ||
07.011 dyan warnanên wau Ki Dipati | Martalaya miwah pra dipatya | praptèng Mantaram lampahe | wus katur mring sang prabu | duk bêdhahe kutha ing wêngi | ya ta sagung dipatya | kang boyongan katur | trustha ing driya jêng sultan | Jasupănta datan arsa tur upêksi | ngandikan mring jro pura ||
07.012 sapraptane wau jroning puri | nèng ngarsane Jêng Sultan Ngalaga | Jayasupănta ature | dun[3] wontên Jurangprau | ingkang arsa nêrajang wani | Pangran Mandurarêja | nanging datan tulus | anêrajang patuguran | sri narendra liringe asêmu wingit | nanging datan kawêdal ||
29–30 dari 257

 


undure. (kembali)
anêrajang. (kembali)
duk. (kembali)