Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 55
31–32 dari 257
307–316 dari 2.562
8. Pangkur
08.001 sagung punggawa sewaka | maksih andhèr anèng ing păncaniti | wontên utusan sang prabu | mêdal saking jro pura | sarwi bêkta waos lêligan puniku | pinaringkên Ki Mandura | dipati sigra nampani ||
08.002 sarwi dhawuhkên timbalan | hèh dipati timbalane [[42] 42: timbala...ne] sang aji | kinèn budhal besuk esuk | dene lampah andika | munggwing têngah ingkang munggwing kananipun | Adipati ing Sumêdhang | wong ingsun kang dèn tindhihi ||
08.003 putra dika Ki Juminah | ki dipati wontêna anèng kering | aliya saking puniku | santana myang punggawa | pra dipati ênggène anèng ing pungkur | angiringa jêngandika | rampung timbalan narpati ||
08.004 Ki Mandura tur sandika | kagyat wau ana karasa ngati | ki tumênggung wus lumêbu | warnanên panangkilan | pra dipati sampun bubaran sadarum | prasami dandan gêgaman | sagunging para prajurit ||
08.005 ing dalu datan kucapa | wus siyaga ya ta wuwusên enjing | Pangran Mandurarêjèku | pêpak para santana | nuli nêmbang têngara bêndhe angungkung | para santana sumahab | prasami atata baris ||
08.006 wus budhal wadya Mantaram | pra dipati punggawa ing Mantawis | apan sarêng budhalipun | gumrêrah wadyabala | warna-warna daludag lan umbul-umbul | lir prawata kawêlagar | abra busananing mantri ||
08.007 para mantri barisira | wus atata anèng jawining taji | pan katunjang baris agung | anglarug lampahira | wong pradesan kang tinrêjang gêmpur tumpur | prasami ngêpung jro kitha | kang kacandhak dèn boyongi ||
08.008 gancanging carita prapta | ing Dalanggu prapta gaman Mantawis | pan namung rêrêp sadalu | enjanging nuli [[43] 43: nu...li] prapta | lampahira ing dhusun Mayang puniku | kang dadi pangawat kanan | ing Karandhang dènnya baris ||
08.009 ya ta gantya kawarnaa | Adipati Pajang midhangêt warti | yèn Pangran Mandura wau | kang dadi senapatya | pagunêman Dipati Pajang lan wadu | miwah Arya Tambakbaya | Ki Mandura cidrèng janji ||
08.010 matur Arya Tambakbaya | ingkang botên-botên dipun raosi | mangsi bêcik kang tinêmu | kang Dipati Mandura | nadyan silih upama wuwuh mêmungsuh | kaya si dhawuk Mandura | pan botên kula singgahi ||
31–32 dari 257