Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 55
34 dari 257
331–340 dari 2.562
09.008 kathah pêjah kang baris anèng karandhang | tambuh mungsuh rowangi | gugup pan sasaran | samya kathah kang pêjah | Dipati Sumêdhang aglis | ngadêg nèng latar | ingkang bêndhe tinitir ||
09.009 ingkang wadya bingung tan kênèng tinata | pun Mangmang Kalasrênggi | sêmana wus prapta | ngarsane Ki Dipatya | Sumêdhang dipun larihi | kêna jajanya | niba sang adipati ||
09.010 nora pasah ananging nuntak ludira | bingung sang adipati | wadya ing Mêntaram | kang baris anèng mayang | myarsa nêmbang têngara glis | sami siyaga | wadyabala Mêntawis ||
09.011 sirna larut barise bala Sumêdhang | ngumpul wadya Mêntawis | Pangeran Juminah | tulung sawadyanira | acaruk bêdhil-binêdhil | kuwêl kang wadya | ngungkih bêdhil tan muni ||
09.012 samya riwut tambuh musuh lawan rowang | lir gabah [[46] 46] dèn intêri | wangke susun tumpang | kang mati padha rowang | awiting prang têngah wêngi | wadya Mêntaram | saya kyèh ingkang prati[1] ||
09.013 Adipati ing Pajang sampun siyaga | saksana sarêng mijil | lan sabalanira | miwah Ki Tambakbaya | sami yun-ayunan jurit | lan wong Mataram | sigra bêdhil-binêdhil ||
09.014 sami golong pêngamuke wadya Pajang | sarêng têmpuh ing jurit | Arya Tambakbaya | lir buta amêmăngsa | lir badhaya dèn kêploki | saparanira | binedrongan ing bêdhil ||
09.015 Tambakbaya sawadyane ngamuk rampak | kukuh wadya Mantawis | ngungsi wadya Pajang | nanging pan tinadhahan | wong Pajang akèh kang mati | tatane bubrah | nanging maksa angungkih ||
09.016 pra santana sami ngawaki ing yuda | mila kukuh kang baris | Arya Tambakbaya | miwah prajurit Pajang | sadaya sami bêk pati | ngamuk lan watang | binedrong dening bêdhil ||
09.017 datan kongkih pêngkuh wadya ing Mantaram | wadya Pajang mangungkih | Arya Tambakbaya | balanira wus rusak | pan wus karsaning Hyang Widi | wadya ing Pajang | tan ana kang ngundhili ||
34 dari 257

 


prapti. (kembali)