Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9–10 dari 55
36–37 dari 257
356–365 dari 2.562
09.033 pan tumiba mimise anèng ing jaja | gèpèng mimisirèki | gumuyu jro nala | mimis sigra cinandhak | ingaturakên tumuli | inggih punika | pêdhotaning Matawis ||
09.034 ya ta mèsêm Pangeran ing Surapringga | dukane amor asih | gawok kang tumingal | mantri ing Surapringga | sami ngalêm jroning ati | mring Tambakbaya | nuli sinung sêsilih ||
09.035 ingaranan wau Dipati Sanjata | pinutra-putra nênggih | anèng Surabaya | sadaya [[49] 49] nagri wetan | Tambakbaya dèn trimani | putrè[1] dipatya | bagus asmarèng ati ||
10. Asmarandana
10.001 ênêngna datan winarni | wau ta ing Surapringga | sawarsa sampun lamine | ya ta ingkang winursita | Sri Narendra Mantaram | enjing sineba wadya gung | pêpak sagung pra dipatya ||
10.002 santana para prajuit | pêpak andhèr ngarsa nata | sang nata ngandika alon | Martalaya Jasupănta | sira padha dandana | padha mênyanga anglurug | iya mring nagara Tuban ||
10.003 kabèh wadya ing Mantawis | satriya miwah punggawa | ya padha mangkata age | kang dadi têtindhihira | marang nagara Tuban | apan ta iya puniku | Si Tumênggung Martalaya ||
10.004 lan Si Jaya Santosèki | miwah si adhi Bragula | dèn kêrig pasisir kabèh | mêtua sakilèn kitha | dene Si Martalaya | kang mêtua saking kidul | kabèh gêgaman Mataram ||
10.005 ingkang kinèn awotsari | kabèh kang para dipatya | sri narendra angadhaton | ya ta kang para dipatya | kang anèng panangkilan | prasami bubar sadarum | sami pradandan gêgaman ||
10.006 ing dalu sami ngabêkti | ya ta kawarnaa enjang | gumrah swarane punang wong | Ki Dipati Martalaya | sampun nêmbang tangara | wus pêpak gêgamanipun | Miwah Arya Tambakbaya ||
10.007 para santana Matawis | gêgamane abra sinang | sowang-sowang [[50] 50: so...wang-sowang] datan awor | Ki Dipati Martalaya | budhal lawan Ki Arya | Jasupănta anèng ngayun | gumêrah wadya Mataram ||
36–37 dari 257

 


putrèng. (kembali)