Tembang macapat

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 722
165–166 dari 3.190
1.650–1.659 dari 31.891
52. Jurudêmung
052.001 Sang wiku mèsêm lingira | mungguh sasurupaningsun | layang Candragêni iku | kang ambabar katrangannya | ing candrasangkala mau | kang mawa kêkawin têmbang | Kusumawicitra linuhung |[1]|
052.002 Etunge laku rowêlas | kacarita duking dangu | anggitannya Maha Wiku | Wêrda Êmpu Wilasaya | pujangga putus ing kawruh | ing nagri Purwacarita | sangking karsanya sang Prabu ||
052.003 Widhayaka kang paparab | Aji Isaka puniku | wus dianggit duk ing ngayun | dumadi candrasangkala | ananging ta jarwanipun | durung mawa karêpira | ingkang dadi sababipun ||
052.004 Ing watêg durung ginêlar | krana kurang wijangipun | mila linaras kang urut | wit siji têkèng sadasa | ingkang nunggal rasanipun | amung ginarba kewala | kang anunggal rahsanipun ||
052.005 Tinêrangakên samoa | miwah tatêmbunganipun | kang padha amawa kayun | apan jinèjèrkên wêtah | dak urut kadi ing ngayun | awit ing watak sajuga | tumêka watak sapuluh ||
052.006 Watak sawiji winarna | rupa têgêsipun wujud | yèku uruping cahyèku | mula dadya watak juga | dene ta cahya puniku | dumadya tandhane gêsang | ingkang tumitah sadarum ||
052.007 Candra wêrdi lèk purnama | tanggal limalas puniku | mula dadi watak iku | sawiji awit duk kuna | (ng)gonne Dèwi Sri tumurun | matêdhakkên wiji dadya | ri wijèning manungsèku [1: 176] ||[2]
052.008 Sasi lèk jangkêp wêrdinya | ya etung sêsasi muput | mula dadi watak iku | sawiji dene amulya | anganakakên sitangsu | sapisan manèh lir ngarsa | mangkya nabi wêrdinipun ||
052.009 Wudêl mula dadi watak | sawiji de wudêl mau | ginawe têrsandhanipun | asma sapisan duk jabang | yèn wus pupak pusêr sinung | aran saprayoginira | nulya sasa têgêsipun ||
052.010 Lintang mula dadi watak | siji dene wujudipun | jèn-ijèn sajuru-juru | katon sangking madyapada | padha lintang aranipun | de dhara wêtêng wêrdinya | mula dumadi puniku ||
165–166 dari 3.190

 


Lebih satu suku kata: 8u. (kembali)
Nomor bait asli: tidak tercetak, diganti menjadi 7 sesuai dengan urutannya. (kembali)