Tembang macapat

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
694 dari 722
2.991–2.992 dari 3.190
29.902–29.911 dari 31.891
694.024 Sangkalane ponang ardi-ardi | kunir awuk tanpa jalu ika[1] |[2] miwah kang tulup sumendhe[3] | tuwin kang pring sadhapur[4] |[5] lele gêna lan cèlèng mati[6] |[7] kalawan clêngan tiba[8] | miwah jêbug awuk[9] |[10] kêlèthèk tumpêr[11] kewala | pan wus jangkêp sasanga sasaminèki | sangkalardi punika ||
694.025 Maksih angka: 6(nêm) kang sirah nênggih | antaranipun nyandhak sadasa | nungswa Jawa sangkalane | Sirna Rupaning Dhuwur[12] |[13] Candhi Sèwu sangkalanèki | Naga Iku Angrusak | Jagad[14] kalanipun |[15] candhi Kalibêning ika | Bujanggèku Anêmbah ing Bumi nênggih[16] |[17] rêca Budhur babadnya ||
694.026 Tanpa Ngrasa Tingale Wong Singgih[18] |[19] Masigid-watu ing Salatiga | Sirna Ilang Gunaning Wong[20] |[21] Pajajaran ing dangu | Sirna Ilang Gunaning Aji[22] |[23] adêging Majalêngka | de sangkalanipun | Watu[24] Mungal Katon Tunggal[25] |[26] duk gêmpure Sirna Ilang Karyèng[27] Bumi[28] |[29] ngadêg kitha Bintara [12: 48] ||
694.027 Gêni Mati Siniram ing Jalmi[30] |[31] purwanipun trap agami Islam | Sultan Bintara pupule | lan pra wali linuhung | ngumumakên sarengat Nabi | supaya kèbêkana | sanungsa Jawèku | ing sarak (n)Jêng Rasullolah | sinirnakkên agama Buda kang lami | salin agama Islam ||
694.028 Jayèngraga gupuh matur malih | mênggah Kerata-basa punika | lawan Raja-kusumane | Cariksutra amuwus | kang Kerata-basa puniki | lawan Raja-kusuma | sami dèntênipun | mèt sêmon watêking nama | yèn mênggaha ngèlmi Arab saminèki | pan palak palakiyah ||
694.029 Kadi ta yèn wontên jênêng nênggih | aksara a akèh wiraganya | ingkang brêmara alênteh | kèntiring[32] maruta gung | watêkipun pan datan kenging | kungkulan budinira | kumudu gumunggung | datan kêna pinoyokan | lamun nêpsu tan ana kang dèn-èringi | yèn kabênbêran[33] roba ||
694.030 Keratane aksara [na] na ngling | sang wira munggyèng tumamèng yuda | supakya[34] matêmpuh dene | matyèng palagan nêngguh | watêking wong pangucapnèki | ngatokkên napsunira | tan kêna sinayut | maring sasamining jalma | miwah maring payomane datan ajrih | mring kaka[35] yayah-rena ||
694.031 Aksara (ca) keratanirèki | cacaturan parang tumêmpuh kat | tan kalok ing panuncange | watêking ca puniku | lamun èstri candhala wêngis | kumèdhêp ing wong lanang | amarentah kakung | rumakêt lamun sasanak | datan lana wani mring wong tuwanèki | wawatêk bangsa sudra ||
694.032 Lamun hê [hê-ra][36] dipun-keratani | hê-ra rata sêmpal kaèdêgan | jagad kèntir gumuruhe | wong jênêng ra puniku | apan pintêr datanpa ririh | cupêt atine malam | lamun duwe nêpsu | pan gêlis ing lêjarira | datan pandak barang karêpe sathithik | waninira satêngah ||
694.033 Aksara [ka] keratanya nênggih | hê-ka kongkang munya ing pangrongan | pantaka gêlêng dadya mrèh | kamal sura [12: 49] makiwul | watêking wong jênêng ka nênggih | datan ladak pangucap | atos yèn amuwus | sêmbada guru-alêman | tan têlatèn watak kau[37] kurang budi | kêdhik pasiyanira ||
2.991–2.992 dari 3.190

 


§ 1) Candrasangkala Taun Jawi (T. Jw.) : 1. (kembali)
Tanggal: kunir awuk tanpa jalu (S 1). Tanggal Masehi: 79–80. (kembali)
Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
Tanggal: pring sadhapur (S 11). Tanggal Masehi: 89–90. Lihat: Pustakaraja Purwa (1912 hlm. 71). (kembali)
§ 2) T. Jw. : 9. (kembali)
Tanggal: lele gêna lan cèlèng mati (S 9). Tahun Masehi: 87–8. (kembali)
Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
§ 3) T. Jw. : 1. (kembali)
10 Tanggal: jêbug awuk (S 1). Tahun Masehi: 79–80. (kembali)
11 Teks asli ada tanda tanya (?) pada akhir kata ini. (kembali)
12 § 4) T. Jw. : 10. (kembali)
13 Tanggal: sirna rupaning dhuwur (S 10). Tahun Masehi: 88–9. (kembali)
14 § 5) T. Jw. : 1018. (kembali)
15 Tanggal: naga iku angrusak jagad (S 1018). Tahun Masehi: 1096–7. (kembali)
16 § 6) T. Jw. : 1218. (kembali)
17 Tanggal: bujanggèku anêmbah ing bumi nênggih (S 1218). Tahun Masehi: 1296–7. (kembali)
18 § 7) Y[T]. Jw. : 1360 [sic]. (kembali)
19 Tanggal: tanpa ngrasa tingalé wong singgih (S 1260). Tahun Masehi: 1338–9. (kembali)
20 § 8) T. Jw. : 1300. (kembali)
21 Tanggal: sirna ilang gunaning wong (S 1300). Tahun Masehi: 1378–9. (kembali)
22 § 9) T. Jw. : 1300. (kembali)
23 Tanggal: sirna ilang gunaning aji (S 1300). Tahun Masehi: 1378–9. (kembali)
24 § Prayoginipun | Ratu |. (kembali)
25 § 10) T. Jw. : 1371. (kembali)
26 Tanggal: watu mungal katon tunggal (S 1371). Tahun Masehi: 1449–50. (kembali)
27 § Prayoginipun | Kartèng |. (kembali)
28 § 11) T. Jw. : 1400. (kembali)
29 Tanggal: sirna ilang karyèng bumi (S 1400). Tahun Masehi: 1478–9. (kembali)
30 § 12) T. Jw. : 1403. (kembali)
31 Tanggal: gêni mati siniram ing jalmi (S 1403). Tahun Masehi: 1481–2. (kembali)
32 kentiring. (kembali)
33 kabênêran. (kembali)
34 supadya. (kembali)
35 raka. (kembali)
36 Ra ditulis dengan aksara Jawa ; maksudnya : ê-ra. (kembali)
37 kau = wagu = tidak luwes. (kembali)