Tembang macapat

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Cênthini, Kamajaya, 1985–91, #761

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
694 dari 722
2.991–2.992 dari 3.190
29.904–29.913 dari 31.891
694.026 Tanpa Ngrasa Tingale Wong Singgih[1] |[2] Masigid-watu ing Salatiga | Sirna Ilang Gunaning Wong[3] |[4] Pajajaran ing dangu | Sirna Ilang Gunaning Aji[5] |[6] adêging Majalêngka | de sangkalanipun | Watu[7] Mungal Katon Tunggal[8] |[9] duk gêmpure Sirna Ilang Karyèng[10] Bumi[11] |[12] ngadêg kitha Bintara [12: 48] ||
694.027 Gêni Mati Siniram ing Jalmi[13] |[14] purwanipun trap agami Islam | Sultan Bintara pupule | lan pra wali linuhung | ngumumakên sarengat Nabi | supaya kèbêkana | sanungsa Jawèku | ing sarak (n)Jêng Rasullolah | sinirnakkên agama Buda kang lami | salin agama Islam ||
694.028 Jayèngraga gupuh matur malih | mênggah Kerata-basa punika | lawan Raja-kusumane | Cariksutra amuwus | kang Kerata-basa puniki | lawan Raja-kusuma | sami dèntênipun | mèt sêmon watêking nama | yèn mênggaha ngèlmi Arab saminèki | pan palak palakiyah ||
694.029 Kadi ta yèn wontên jênêng nênggih | aksara a akèh wiraganya | ingkang brêmara alênteh | kèntiring[15] maruta gung | watêkipun pan datan kenging | kungkulan budinira | kumudu gumunggung | datan kêna pinoyokan | lamun nêpsu tan ana kang dèn-èringi | yèn kabênbêran[16] roba ||
694.030 Keratane aksara [na] na ngling | sang wira munggyèng tumamèng yuda | supakya[17] matêmpuh dene | matyèng palagan nêngguh | watêking wong pangucapnèki | ngatokkên napsunira | tan kêna sinayut | maring sasamining jalma | miwah maring payomane datan ajrih | mring kaka[18] yayah-rena ||
694.031 Aksara (ca) keratanirèki | cacaturan parang tumêmpuh kat | tan kalok ing panuncange | watêking ca puniku | lamun èstri candhala wêngis | kumèdhêp ing wong lanang | amarentah kakung | rumakêt lamun sasanak | datan lana wani mring wong tuwanèki | wawatêk bangsa sudra ||
694.032 Lamun hê [hê-ra][19] dipun-keratani | hê-ra rata sêmpal kaèdêgan | jagad kèntir gumuruhe | wong jênêng ra puniku | apan pintêr datanpa ririh | cupêt atine malam | lamun duwe nêpsu | pan gêlis ing lêjarira | datan pandak barang karêpe sathithik | waninira satêngah ||
694.033 Aksara [ka] keratanya nênggih | hê-ka kongkang munya ing pangrongan | pantaka gêlêng dadya mrèh | kamal sura [12: 49] makiwul | watêking wong jênêng ka nênggih | datan ladak pangucap | atos yèn amuwus | sêmbada guru-alêman | tan têlatèn watak kau[20] kurang budi | kêdhik pasiyanira ||
694.034 Yèn aksara [da] dèn-keratani | ê-da daliwara munggwèng rana | tekang turangga tumamèng | yuda surat[21] tumêmpuh | sêtyèng laga watêkirèki | wong jênêng aksara da | wor mèsêm yèn muwus | budi momot tur antêpan | tan katara yèn karêp kalamun jurit | sêndhu manis wuwusnya ||
694.035 Aksara [ta] dipun-keratani | tatawang sêkar sumawur kentar | kadrêsan dening angine | sami ruru katawur | wor kumrisik kang wuluh gadhing | wong jênêng aksara ta | gapyak ing pamuwus | nawangkên wasising nala | nora kêna ngrungu ujar ala bêcik | canggèh wani satêngah ||
2.991–2.992 dari 3.190

 


§ 7) Y[T]. Jw. : 1360 [sic]. (kembali)
Tanggal: tanpa ngrasa tingalé wong singgih (S 1260). Tahun Masehi: 1338–9. (kembali)
§ 8) T. Jw. : 1300. (kembali)
Tanggal: sirna ilang gunaning wong (S 1300). Tahun Masehi: 1378–9. (kembali)
§ 9) T. Jw. : 1300. (kembali)
Tanggal: sirna ilang gunaning aji (S 1300). Tahun Masehi: 1378–9. (kembali)
§ Prayoginipun | Ratu |. (kembali)
§ 10) T. Jw. : 1371. (kembali)
Tanggal: watu mungal katon tunggal (S 1371). Tahun Masehi: 1449–50. (kembali)
10 § Prayoginipun | Kartèng |. (kembali)
11 § 11) T. Jw. : 1400. (kembali)
12 Tanggal: sirna ilang karyèng bumi (S 1400). Tahun Masehi: 1478–9. (kembali)
13 § 12) T. Jw. : 1403. (kembali)
14 Tanggal: gêni mati siniram ing jalmi (S 1403). Tahun Masehi: 1481–2. (kembali)
15 kentiring. (kembali)
16 kabênêran. (kembali)
17 supadya. (kembali)
18 raka. (kembali)
19 Ra ditulis dengan aksara Jawa ; maksudnya : ê-ra. (kembali)
20 kau = wagu = tidak luwes. (kembali)
21 § Prayoginipun | sura |. (kembali)