Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 46
85–86 dari 277
843–852 dari 2.770
15.026 datan arsa anusua malih | ing sabên dina mêhêng sapisan | sabên ing wayah têngange | jabang bayi ya tutut | dyan warnanên sampun alami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | apan glis agêng walagang | wus ingaran ni rara Rêtna Nawangsih | ri wayah sêsapihan ||
15.027 wus katara yèn ayunya lêwih | ri suwarna sang rara punika | tan roro lawan ingune |[1] samana wayahipun | apan lagya jêbên atapih | lagya angrusak taman | sigêgên karuhun | kawarnaa sutanira | Brawijaya ri kang sinimpar kariyin | kang anèng pasawahan ||
15.028 ri kang patutan lan Wandhan Kuning | winastan Radèn Bondhan Kajawan | ênting baguse rupane | ri kang cahya sumunu | anglir wulan purnamasidi | apan uwus awayah | sapangon gêngipun | saha tikah dahat beda | lan rare kyèh tuhu ri bagus linêwih | Radyan Bondhan Kajawan ||
15.029 Kya Buyut Masahar dyan winarni | arsa pasrah pantun mring sang nata | ri Majapait wadale | dahat kyèh ri kang pantun | pan rinêmbat dera wong cili | Radèn Bondhan Kajawan | sêmana pan [157: pa...n] tumut | kalayu ri kang bapanta | kae Buyut Masahar dahat tan uning | yèn tumut sutanira ||
15.030 Brawijaya pan lagi siniwi | dening bala anèng pagêlaran | pêpêk kang wadya balane | rikang pra putrèng ngayun | duk pinarêk kathile manik | mancur yèn tiningalan | alêlamak babut | sira Ki Buyut Masahar | dyan macundhuk muka lwir konjêm ing siti | ngaturkên wadalira ||
15.031 Brawijaya sigra dènnya angling | hèh wong gêdhong sira tampanana | Buyut Masahar wadale | agya tinampan sampun | sira Radèn Bondhan winarni | lumêbêt sitibêntar | paniyaga njujug | nabuh gong sêkar dalima | pan tinitir kagyat sakyèhing anangkil | găngsa ki sêkar munya ||
15.032 Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rare alit | ingkang anabuh găngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata ||
15.033 Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang buyut sira ing Masahar | iki sutanira dhewe | Kyai Buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggyanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja [158] ||
15.034 tansah winangwang-wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma Ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika ||
15.035 gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos aran Ki Palèrèd | dening namaning dhuwung | Ki Maesa Nular satunggil | kang satunggil malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas ||
85–86 dari 277

 


ibune. (kembali)