Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 46
82–83 dari 277
819–828 dari 2.770
15.002 sang dyah umatur dhatêng ing laki | manira dhatêng lèpèn sadhela | angumbah popoking rare | apan boya adangu | mung dang-dangan manira iki | pakanira tunggua | nanging wêkas ingsun | ki umah mring pakanira | alah poma sampun [151: sampu...n] ta para ungkabi | ing sapungkur manira ||
15.003 alah boya amêmêkas malih | kakung nauri lah yayi iya | ing mêngko ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | nyangking popoking jabang bayi | wau ta kawarnaa | Ki Agêng ing Tarub | ingkang atêngga dang-dangan | sarwi momong atmaja kang mêksih alit | sinambi ingkang putra ||
15.004 Ki Agêng Tarub micarèng ati | sarabiningsun pan sampun alama |[1] iba saapa lamine | ingsun kayani pantun | mung salumbung pan durung rêmpid | iya sawabe apa | liwat barkatipun | pan ingsun nora kaduga | Kyai Agêng ing Tarub tansah ngling ati | sarwi têngga dang-dangan ||
15.005 nora kêndhat urube kang gêni | Ki Agêng Tarub pan wus dilalah | manahipun salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dang-dangan dipun ungkabi | sarêng kêkêb dèn angkat | Ki Agêng duk mangu | iya kang anèng kukusan | dening têka iya mung pari sawuli | punika kang dipun dang ||
15.006 agya nuli kinêkêban mali |[2] ênêngêna kang têngga dang-dangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | sêmana nuli rawuh | meme popoking jabang bayi | lajeng dhatêng padangan | gêntosi ing kakung | kang raka mêntas mring wisma | sang dyah ayu ing wau atunggu gêni | sinantêr dènnya adang ||
15.007 ya ta sinantêr urubing gêni | wus dèn ulah langkung ing antara | nora sumub dang-dangane | sang [152] dyah micarèng kalbu | liwat sangking adahat lami | dang-danganisun iya | suwe nora sumub | oraa talah oraa | salah gawe wong lanang atunggu gêni | wataraningsun iya ||
15.008 dang-dangan nulya dipun ungkabi | ora ta ki umah nglirkên wêkas | mêngko ta sun tilikane | kêk nulya jinunjung |[3] apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr ora luput | ujar ingsun silih apa | alah iya baya ta sampun pinasthi | ingsun pisah lan sira ||
15.009 dene têka anglirkên wêwêling | mandah silih aja dèn wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | kakungira kang dèn takoni | ki umah pakanira | boya ganggu-ganggu | wau sapungkur manira | pakanira boya angungkab-ungkabi | ing dang-dangan manira ||
15.010 wêkasane sira apêpanggih | lan manira ing mangke kewala | baya ta sampun jangjine | pan manira karuhun | angsal sangking ing widadari | apan wus kamanusan | iya milanipun | amarga ing pakanira | lah ki umah manira apamit mulih | maring kayangan ingwang ||
15.011 ingsun mangke kamanusan malih | iya sangking tingkah pakanira | baya ta sampun jangjine | kakung tan kêna muwus | sakalangkung ngungun tan sipi | kaya dèn wangsulêna | polahe kang luput | anglês kang sarira [153: sari...ra] lupa | dening garwa mangke atêmahan runtik | gêgêtune nêlăngsa ||
82–83 dari 277

 


Lebih satu suku kata: sarabiningsun pan sampun lama. (kembali)
malih. (kembali)
Kurang satu suku kata: kêkêb nulya jinunjung. (kembali)