Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18–19 dari 46
106–107 dari 277
1.057–1.066 dari 2.770
18.074 ingsun kinarya sadulur èstri | apan têmên ing ati manira | ing lair têkèng batine | apan pangangkah ingsun | basa sanak sadulur uwis | mêngko têka dêlahan | pan sun gawe [196: ga...we] tunggul | sadulur siji tur lanang | Radèn Lêmbu Pêtêng sira anauri | bênêr têka ing sira ||
18.075 iya uga manira kang sisip | baya sampun jamaking manusa | lali lan eling duwene | wau ingsun dulu |[1] maring sira sakêdhap lali | nora kèmutan sira | yèn sadulur ingsun | pangrasaningsun wong liya | ayunira amung yayi kang kaèsthi | datan kèmutan kadang ||
18.076 ing mêngko mirah ingsun wus eling | kalamun sira dulur ingwang |[2] sang rêtna ayu saure | nora kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine sira uga | wong amurang laku | wêruha yèn sira ala | supayane ingsun gêlêma angirim | ing wong kabali sora ||
18.077 pasthi ingsun matur ing kiyai | yèn kaya mêngkono ujarira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | awêwarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur sira Ni Rara Nawangsih | dhumatêng ingkang rama ||
18.078 kawula wau rama angirim | mring pun kakang Lêmbu Pêtêng ika | rama awon piangkuhe | sanggupipun sadulur | mapan ujar kinarya lamis | inggih wau kawula | ngirim sarêng rawuh | dèn cêkêl asta kawula | ingkang rama gumujêng sarya nauri | apa têmên mangkana ||
18.079 balik panyêkêle [197: panyêkê...le] kadipundi | pandugane wau kakangira | sang rêtna alon ature | pan panyêkêle wau | si kakang têka mambu ati | upami ladosana | awon tingkahipun | kang rama aris ngandika | alah iya yèn mêngkono iku nini | Ki Lêmbu Pêtêng ika ||
18.080 wruhanira lawan sira nini | apan iya jatine wong liya | sanak pêpanggihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saujare ka[3] rama | sang rêtna mintuhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng kang saking ing têgil | sarêng surup dhatêngya[4] ||
18.081 anèng patapan kalaning wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng tan apisah | anunggil lawan gurune | Kyai Agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerade kang garwa | Ki Agêng kêkuwu | anèng ing dhepok patapan | mung kang putra sira Ni Rara Nawangsih | kang asare ing wisma ||
18.082 ya ta datan kawarna ing latri | sampun pinanggihakên kang putra | sampun pinasthi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun atêmu | sadaya-daya panggiha | sang dyah ayu sasampunira apanggih | têka mijil kang waspa ||
19. Mijil
19.001 Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngipun panggihe | dening wus manjing sudara wèdi | mangke dadi laki | tan nyana sang arum [198] ||
106–107 dari 277

 


Kurang satu suku kata: wau ingsun andulu. (kembali)
Kurang satu suku kata: kalamun sira sadulur ingwang. (kembali)
kang. (kembali)
dhatêngnya. (kembali)