Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18–19 dari 46
107 dari 277
1.061–1.070 dari 2.770
18.078 kawula wau rama angirim | mring pun kakang Lêmbu Pêtêng ika | rama awon piangkuhe | sanggupipun sadulur | mapan ujar kinarya lamis | inggih wau kawula | ngirim sarêng rawuh | dèn cêkêl asta kawula | ingkang rama gumujêng sarya nauri | apa têmên mangkana ||
18.079 balik panyêkêle [197: panyêkê...le] kadipundi | pandugane wau kakangira | sang rêtna alon ature | pan panyêkêle wau | si kakang têka mambu ati | upami ladosana | awon tingkahipun | kang rama aris ngandika | alah iya yèn mêngkono iku nini | Ki Lêmbu Pêtêng ika ||
18.080 wruhanira lawan sira nini | apan iya jatine wong liya | sanak pêpanggihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saujare ka[1] rama | sang rêtna mintuhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng kang saking ing têgil | sarêng surup dhatêngya[2] ||
18.081 anèng patapan kalaning wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng tan apisah | anunggil lawan gurune | Kyai Agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerade kang garwa | Ki Agêng kêkuwu | anèng ing dhepok patapan | mung kang putra sira Ni Rara Nawangsih | kang asare ing wisma ||
18.082 ya ta datan kawarna ing latri | sampun pinanggihakên kang putra | sampun pinasthi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun atêmu | sadaya-daya panggiha | sang dyah ayu sasampunira apanggih | têka mijil kang waspa ||
19. Mijil
19.001 Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngipun panggihe | dening wus manjing sudara wèdi | mangke dadi laki | tan nyana sang arum [198] ||
19.002 asmu ewa merang jroning ati | dèrèng sapatêmon | dening manjing sadulur kakunge | tan andipe Ni Rara Nawangsih | kalamon akrami | antuk lan sadulur ||
19.003 dèrèng acarêm sang pindha ratih | maksih gung wirangrong | kakung angantos lunture sihe | datatita kalangan prajangji | grah sangêt winarni | Ki Agêng ing Tarub ||
19.004 cinarita sampun angêmasi | wau ingkang layon | apan sampun sinare linane | satilare kang rama gung kingkin | karaos sang dèwi | lamun kawlasayun ||
19.005 tinilar rama ibu ngêmasi | tan ana kang ngêmong | anging anganti lunture sihe | angrasani asih dhatêng laki | wus mantun awingit | madhêp ngasmara kung ||
107 dari 277

 


kang. (kembali)
dhatêngnya. (kembali)